JILID II BAB 4
“PUNAPA INGGIH BASA JAWI RISAK UTAWI NANDHANG ROGA?”
Alesan
Aku milih jilid II bab 4, amerga ing
kono njlentrehake babagan rusaking basa jawa. Rusaking basa jawa ndadekake
perkara kang wigati tumraping masyarakat kang seneng babagan jawa. Bukti kang
nyata rusaking basa jawa yaiku jaman saiki akeh sing ora bisa pacelathon nganggo basa krama kang bener. Anane
buku memetri basa jawa iki nduweni manfaat akeh banget. Utamane materi kang
dijlentrehake ing bab 4. Kayata, kanggo pasinaon wong kang lagi sinau basa jawa
lan iso kanggo bahan pamulangan guru kang ngajar basa jawa. Saliyane iku uga
bisa kanggo bahan pasinaon umum. Ing kono uga dilengkapi babagan kawruh basa,
empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran kang dijlentrehake nganggo
tuladha kanti cetha lan gamblang supaya wong sing nyinaoni gampang mangerteni
materi kasebut.
Saben bab ngemu subab-subab kang
dijlentrehake nganggo tuladha.
A. Kawruh
basa ngemu negesi tembung, dasanama, lan bebasan.
·
Negesi
tembung, tuladhane: cluluk(celuluk) tegese alok, ngucap, lan nguwuh.
·
Dasanama,
tuladhane: rame tegese atri, gumuruh, umyang, umyung, ramya, lan gurnita.
·
Bebasan,
tuladhane: dicuthat kaya cacing tegese ditundhung(dikon lunga)kanthi cara kang
banget siya.
Saben tembung kang ana ing basa jawa
iku nduweni teges utawa makna luwih saka siji, ora kaya basa liya-liyane.
B. Empan-mapaning
tembung ngemu subab-subab kaya ing ngisor iki:
1.
Ngemu,
ngemut, lan ngemot
·
Ngemu,
tuladhane: ngemu banyu. Kena disilih kang ateges entar, kayata: ngemu surasa
tegese isi surasa lan ngandhut maksud.
·
Ngemut,
tuladhane: ngemut legining gula tegese dipasrahi apa-apa(dititipi), barang
ngrasakake enake banjur diengkoki dhewe.
·
Ngemot,
tuladhane ngemot rokok tegese ngakep rokok.
2.
Tumbak-cucukan,
para wadulan, ngadon-adoni, lan ngicuk-icuk
·
Tumbak-cucukan
tegese wewadul marang wong loro genti-genten, supaya wong loro kang padhadene
tampa wadulan iku banjur pasulayan.
·
Para
wadulan tegese seneng madulake alaning liyan(marang panggedhe).
·
Ngadon-adoni
tegese ngojok-ngojoki supaya padu utawa pasulayan.
·
Ngicuk-icuk
tegese mbebujuk supaya gelem nglakoni panggawean ala.
3.
Ngalem,
nggunggung, ngonggrong, lan ngumpak
·
Ngalem
tegese ngandhakake becike, kaluwihane, lan kaprigelane.
·
Nggunggung
tegese ngalem kang nganti kaduk.
·
Ngonggrong=ngumpak
tegese ngalembana kang nganti kaduk, ana wonge kang dialembana, wonge kang
ngalembana darbe pamrih.
4.
Ngloropake
lan njlomprongake
·
Ngloropake
tegese aweh rembug, nanging yen diturut, wong kang nampa rembug wasanane
ngalami sangsara.
·
Njlomprongake
tegese mblasukake utawa nasarake.
Materi kang dijlentrehake ing Empan-mapaning
tembung ing dhuwur sanyatane nduweni teges utawa makna kang padha ananging kudu
manut papan panggone.
C. Paramasatra
ngemu ater-ater ka
Kajaba bisa mangun tembung kriya
tanggap, ater-ater ka uga bisa mangun tembung lingga andhahan, bawa-wacaka,
bawa, wisesananing bawa lan adiguna.
D. kasusastran
ngemu candra
·
Candrane
wadyabala lan paprangan
·
Candrane
paprangan sinawung ing tembung durma
·
Candrane
wong minum
Tema
Aku milih tema “Basa jawa kudu
diuri-uri supaya ora rusak”. Amerga ing jilid II bab 4 jlentrehake babagan basa
jawa rusak utawa nandhang roga. Ing kono uga dilengkapi materi kawruh basa,
empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran kang diwenehi tuladha
saben subabe kanti cetha lan gamblang. Materi-materi kang dijlentrehake uga dilengkapi
nganggo tuladha kang bisa gampangake sapa bae kang lagi nyinaoni buku iku.
Kelebihan
lan kekurangan
a.
Kelebihan
· Dijlentrehake kanti cetha lan gamblang
· Bisa kanggo bahan pasinaon kang lagi
sinau dasar basa jawa
· Bisa kanggo pasinaon umum
· Bisa kanggo bahan pamulangan guru
b.
Kekurangan
· Salah sawijining materi ana kang ora
dijlentrehake pengertiane materi kasebut, ananging langsung dijlentrehake
nganggo tuladha. Babagan kasebut bisa ndadekake wong sing lagi sinau bingung
amerga ora mangerteni tegese materi kasebut.
JILID III BAB 4 “BANCAK-DHOYOK”
Alesan
Aku milih jilid III bab 4, amerga ing
kono jlentrehake wong kang lagi pacelathon, ananging pacelathon kasebut nganggo
wangsalan. Menawa lagi maca sepisan mesthi ora mudeng apa kang lagi diomongke.
Ananging ing bab 4 kasebut, ing mburi dijlentrehake babagan wangsalan kang
dilengkapi uga nganggo tuladha. Ing bab 4 njlentrehake Dhoyok nalika dina bada
sowan ing omahe Kyai nanging olehe sowan kawanen. Olehe kawanen amerga becak
sing ditumpaki tubrukan karo becak liya ing ngarep pasar. Dhoyok tibo
ngrungkebi Ibu pertiwi kang ndadekake wong sapirang ngucap bebarengan “Anakku
ngger”. Mula ing ngarep dhoyok ngucap mentas dadi anake wong akeh amerga nalika
tibo wong sapirang ngucap “Anakku ngger”. Saka materi kasebut nyata yen ing
jawa iku kebak rasa, kebak tresna kang bisa digambarake mawa babagan kang
sinandhi utamane kaya pacelathon ing bab 4 iku kang ngemu wangsalan. Saliyane
iku, saben bab kang dijlentrehake ing bab 4 uga dilengkapi subab-subab kayata
kawruh basa kang ngemu negesi tembung, dasanama lan bebasan, empan-mapaning
tembung ngemu panguwaos kang elok, paramasastra ngemu panambang “ake”, lan
kasusastran kang ngemu wangsalan. Saben bab kang dijlentrehake dilengkapi
nganggo tuladha.
Tema
Aku milih tema “basa jawa sarwa endah”
amerga ing jilid III bab 4 njlentrehake babagan pacelathon kang ngemu
wangsalan. Wangsalan yaiku salah sawijining bukti yen jawa iku sarwa endah amerga
babagan kang ana ing jawa bisa diupamakake kanti cara sinandhi. Saliyane
wangsalan, ing jilid III bab 4 uga dijlentrehake dasanama lan bebasan kang
dilengkapi nganggo tuladha.
Kelebihan
lan kekurangan
a)
Kelebihan
· Bisa kanggo bahan pasinaon amerga jam
basa jawa ing sekolah mung 2 jam saben seminggu
· Materi kang dijlentrehake ngemu basa
krama supaya wong kang nyinaoni uga sinau basa krama
· Materi dijlentrehake nganggo cara
tuladha
b) Kekurangan
· Materi kang dijlentrehake kudune
disesuaikake karo tingkatan sekolah supaya gampang anggone nyinaoni
· Materi kang dijlentrehake ing bab
wangsalan tuladhane kurang akeh