TEMBUNG
YOGYASWARA
Tembung yogyaswara
iku tembung loro ateges lanang-wadon kang mung beda wandane wekasan. Dene bedane
yaiku wandane wekasan tembunge kang ngarep mawa vokal “a” tembung kang mburi
mawa vokal “i”. Tembung yogyaswara iku kerep ana ing sajrone cakepan tembang.
Tembung yogyaswara iku cacahe ora
akeh, kayata :
1. Widadara ⎼ widadari
2. Gana ⎼ gini
3. Gedhana ⎼
gedhini
4. Dewa ⎼ dewi
5. Bathara ⎼
bathari
6. Apsara ⎼
apsari
7. Yaksa ⎼ yaksi
8. Prameswara ⎼
prameswari
9. Raseksa ⎼
raseksi
Padmosoekotjo, S. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: PT Citra
Jaya Murti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar