Rabu, 16 Desember 2015

Pamulangan Basa Jawi

JILID II BAB 4 “PUNAPA INGGIH BASA JAWI RISAK UTAWI NANDHANG ROGA?”
Alesan
Aku milih jilid II bab 4, amerga ing kono njlentrehake babagan rusaking basa jawa. Rusaking basa jawa ndadekake perkara kang wigati tumraping masyarakat kang seneng babagan jawa. Bukti kang nyata rusaking basa jawa yaiku jaman saiki akeh sing ora bisa  pacelathon nganggo basa krama kang bener. Anane buku memetri basa jawa iki nduweni manfaat akeh banget. Utamane materi kang dijlentrehake ing bab 4. Kayata, kanggo pasinaon wong kang lagi sinau basa jawa lan iso kanggo bahan pamulangan guru kang ngajar basa jawa. Saliyane iku uga bisa kanggo bahan pasinaon umum. Ing kono uga dilengkapi babagan kawruh basa, empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran kang dijlentrehake nganggo tuladha kanti cetha lan gamblang supaya wong sing nyinaoni gampang mangerteni materi kasebut.
Saben bab ngemu subab-subab kang dijlentrehake nganggo tuladha.
  A. Kawruh basa ngemu negesi tembung, dasanama, lan bebasan.
·       Negesi tembung, tuladhane: cluluk(celuluk) tegese alok, ngucap, lan nguwuh.
·       Dasanama, tuladhane: rame tegese atri, gumuruh, umyang, umyung, ramya, lan gurnita.
·       Bebasan, tuladhane: dicuthat kaya cacing tegese ditundhung(dikon lunga)kanthi cara kang banget siya.
Saben tembung kang ana ing basa jawa iku nduweni teges utawa makna luwih saka siji, ora kaya basa liya-liyane.
 B. Empan-mapaning tembung ngemu subab-subab kaya ing ngisor iki:
1.    Ngemu, ngemut, lan ngemot
·       Ngemu, tuladhane: ngemu banyu. Kena disilih kang ateges entar, kayata: ngemu surasa tegese isi surasa lan ngandhut maksud.
·       Ngemut, tuladhane: ngemut legining gula tegese dipasrahi apa-apa(dititipi), barang ngrasakake enake banjur diengkoki dhewe.
·       Ngemot, tuladhane ngemot rokok tegese ngakep rokok.
2.    Tumbak-cucukan, para wadulan, ngadon-adoni, lan ngicuk-icuk
·       Tumbak-cucukan tegese wewadul marang wong loro genti-genten, supaya wong loro kang padhadene tampa wadulan iku banjur pasulayan.
·       Para wadulan tegese seneng madulake alaning liyan(marang panggedhe).
·       Ngadon-adoni tegese ngojok-ngojoki supaya padu utawa pasulayan.
·       Ngicuk-icuk tegese mbebujuk supaya gelem nglakoni panggawean ala.
3.    Ngalem, nggunggung, ngonggrong, lan ngumpak
·       Ngalem tegese ngandhakake becike, kaluwihane, lan kaprigelane.
·       Nggunggung tegese ngalem kang nganti kaduk.
·       Ngonggrong=ngumpak tegese ngalembana kang nganti kaduk, ana wonge kang dialembana, wonge kang ngalembana darbe pamrih.
4.    Ngloropake lan njlomprongake
·       Ngloropake tegese aweh rembug, nanging yen diturut, wong kang nampa rembug wasanane ngalami sangsara.
·       Njlomprongake tegese mblasukake utawa nasarake.
Materi kang dijlentrehake ing Empan-mapaning tembung ing dhuwur sanyatane nduweni teges utawa makna kang padha ananging kudu manut papan panggone.
 C. Paramasatra ngemu ater-ater ka
Kajaba bisa mangun tembung kriya tanggap, ater-ater ka uga bisa mangun tembung lingga andhahan, bawa-wacaka, bawa, wisesananing bawa lan adiguna.
 D. kasusastran ngemu candra
·       Candrane wadyabala lan paprangan
·       Candrane paprangan sinawung ing tembung durma
·       Candrane wong minum
Tema
Aku milih tema “Basa jawa kudu diuri-uri supaya ora rusak”. Amerga ing jilid II bab 4 jlentrehake babagan basa jawa rusak utawa nandhang roga. Ing kono uga dilengkapi materi kawruh basa, empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran kang diwenehi tuladha saben subabe kanti cetha lan gamblang. Materi-materi kang dijlentrehake uga dilengkapi nganggo tuladha kang bisa gampangake sapa bae kang lagi nyinaoni buku iku.
     Kelebihan lan kekurangan
a.    Kelebihan
·       Dijlentrehake kanti cetha lan gamblang
·       Bisa kanggo bahan pasinaon kang lagi sinau dasar basa jawa
·       Bisa kanggo pasinaon umum
·       Bisa kanggo bahan pamulangan guru
b.   Kekurangan
·       Salah sawijining materi ana kang ora dijlentrehake pengertiane materi kasebut, ananging langsung dijlentrehake nganggo tuladha. Babagan kasebut bisa ndadekake wong sing lagi sinau bingung amerga ora mangerteni tegese materi kasebut.

JILID III BAB 4 “BANCAK-DHOYOK”
Alesan                 
Aku milih jilid III bab 4, amerga ing kono jlentrehake wong kang lagi pacelathon, ananging pacelathon kasebut nganggo wangsalan. Menawa lagi maca sepisan mesthi ora mudeng apa kang lagi diomongke. Ananging ing bab 4 kasebut, ing mburi dijlentrehake babagan wangsalan kang dilengkapi uga nganggo tuladha. Ing bab 4 njlentrehake Dhoyok nalika dina bada sowan ing omahe Kyai nanging olehe sowan kawanen. Olehe kawanen amerga becak sing ditumpaki tubrukan karo becak liya ing ngarep pasar. Dhoyok tibo ngrungkebi Ibu pertiwi kang ndadekake wong sapirang ngucap bebarengan “Anakku ngger”. Mula ing ngarep dhoyok ngucap mentas dadi anake wong akeh amerga nalika tibo wong sapirang ngucap “Anakku ngger”. Saka materi kasebut nyata yen ing jawa iku kebak rasa, kebak tresna kang bisa digambarake mawa babagan kang sinandhi utamane kaya pacelathon ing bab 4 iku kang ngemu wangsalan. Saliyane iku, saben bab kang dijlentrehake ing bab 4 uga dilengkapi subab-subab kayata kawruh basa kang ngemu negesi tembung, dasanama lan bebasan, empan-mapaning tembung ngemu panguwaos kang elok, paramasastra ngemu panambang “ake”, lan kasusastran kang ngemu wangsalan. Saben bab kang dijlentrehake dilengkapi nganggo tuladha.
Tema
Aku milih tema “basa jawa sarwa endah” amerga ing jilid III bab 4 njlentrehake babagan pacelathon kang ngemu wangsalan. Wangsalan yaiku salah sawijining bukti yen jawa iku sarwa endah amerga babagan kang ana ing jawa bisa diupamakake kanti cara sinandhi. Saliyane wangsalan, ing jilid III bab 4 uga dijlentrehake dasanama lan bebasan kang dilengkapi nganggo tuladha.
Kelebihan lan kekurangan
a)   Kelebihan
·       Bisa kanggo bahan pasinaon amerga jam basa jawa ing sekolah mung 2 jam saben seminggu
·       Materi kang dijlentrehake ngemu basa krama supaya wong kang nyinaoni uga sinau basa krama
·       Materi dijlentrehake nganggo cara tuladha
b)  Kekurangan
·       Materi kang dijlentrehake kudune disesuaikake karo tingkatan sekolah supaya gampang anggone nyinaoni
· Materi kang dijlentrehake ing bab wangsalan tuladhane kurang akeh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar