Mahasiswa Komlaude Wiwit Semester 1
Nganti Semester 5
Dening : Riska Ratnawati
Dening : Riska Ratnawati
Perkara milih kampus kaya-kaya dadi
perkara kang rutin saben taun, persise saben wayah pendaftaran SNMPTN, SBMPTN,
lan SPMU. Para calon mahasiswa rata-rata milih kampus kang wis misuwur.
Tuladhane : UGM, UNY, UNS, Undip, Unnes lan sapiturute. Salah sawijining kampus
kang akeh peminate yaiku Unnes. Unnes iku salah sawijining Kampus Konservasi
kang ana ing Indonesia. Liyane iku Unnes uga kampus paling akeh nerimo Beasiswa
Bidikmisi lan isih akeh Beasiswa-beasiswa kang ana ing Unnes.
Mahasiswa-mahasiswi
ing Unnes uga nduweni prestasi kang ora kalah saka kampus liya-liyane.
Prestasi-prestasi iku ora mung ana ing tingkat Jurusan, Fakultas, lan Universitas,
nanging uga ana ing tingkat nasional. Salah sawijining yaiku Luluk Pujiati saka
jurusan Psikologi Fakultas Ilmu Pendidikan (FIP). Luluk nduweni prestasi
akademik lan non-akademik. Akademik tuladhane : IPK-ne comlaude wiwit semester
1 nganti semester 5, kang non-akademik dheweke dadi calon kandidat mapres,
nanging ora lolos. Liyane iku dheweke uga lolos gawe PKM penelitian taun 2012
lan 2014.
Tahun
2012 Luluk gawe PKM penelitian kanthi judul “Gambaran Kepuasan Seksual pada
Wanita yang Sudah Menopause dalam Melakukan Aktifitas Seksual pada Masyarakat
Sekaran Gunungpati Semarang”. Kang taun 2014 dheweke uga gawe PKM maneh kanthi
judul “Hubungan Antara Kontrol Diri dengan Prokrastinasi Akademik pada
Mahasiswa Bidikmisi Angkatan 2010”. Liyane iku Luluk uga seneng melu
acara-acara diskusi lan lomba-lomba debat kang ora mung ana ing Unnes bae.
Dheweke tau menang juara 2 sarana melu lomba debat.
Sing
luwih nengsemake ati, Luluk nduwe cara sinau kang ora mokal di nduweni
mahasiswa liyane. Sewulan setengah sadurunge Ujian Tengah Semester utawa Ujian
Semester, Luluk wis nulis ing kalender lan gawe jadwal kanthi runtut supaya
dheweke sinau bisa teratur. Sewulan setengah iku dibagi karo 11 mata kuliah,
dadi dheweke bisa sinau 1 mata kuliah wektu 4 dina. Kanthi cara iku dheweke
luwih maksimal anggone sinau. Menawa wayah ujian, dheweke mung mbaleni sinau
kang wis di sinaoni wingi lan matengake anggone sinau. Luluk uga percaya apa
kang dilakoni kanthi cara tenanan iku bakal nuwuhake kasil sing pada karo apa
sing dilakoni.
“Mengapa
jika kita bisa melakukan sekarang, harus menunggu waktu esok, dan pembelajar
sejati adalah pembelajar sepanjang hidup (jangan pernah merasa lelah untuk
belajar)”. Kandhane Luluk
njlentrehake nalika ditemoni ing kos-kosane. (Selasa, 28 April 2015). Iku salah
sawijining tuladha kang bisa digawe panutan saka mahasiswa-mahasiswi liyane
kang kepengin dadi mahasiswa berprestasi lan uga bisa nggayuh IPK comlaude.
Babagan
kaya mengkono ora mokal yen ora ana faktor-faktor liya. Kayata wong tuwa loro
lan awake dhewe anggone ngatur prinsip. Luluk njlentrehake menawa faktor-faktor
iku ana 2, wujude internal lan eksternal. Kang internal yaiku saka awake dhewe,
lan kang eksternal iku saka wong tuwa loro uga sedulur liyane. Sabibare lulus
S1 saka Unnes, Luluk kepengin kursus Bahasa Inggris ing Pare sadurunge nerusake
S2. Dheweke uga nduwe cita-cita kepengin daftar S2 ing UGM, lan menawa diwenehi
kesempatan anggone golek ngelmu dheweke uga kepengin nerusake S3 ing luar
negeri, mliginipun Jerman, Australia, lan
Belanda.
Carita
ing dhuwur mung salah sawijining tuladha lan ilustrasi saka cacahe kang ewonan.
Sing paling baku kang nduweni peran penting yaiku wong tuwa loro anggone
ngawat-ngawati lan menehi pitutur marang putra-putrine. Menawa adoh saka omah,
iso wae lewat telphone lan liya-liyane. Dadi kuncine ana ing awake dhewe, sapa
sing saiki sregep anggone nyambut gawe utawa sinau mbesok bakale dadi wong kang
mujur lan ora susah anggone golek pakaryan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar