Mufangatipun Taneman Rosella Abrit
Assalamualaikum
wr...wb...
Bapak
saha ibu ingkang kinurmatan, sarta kadang mudha wredha ingkang kula tresnani.
Mangga sesarengan
ngaturaken pudya pudyastuti wonten ing ngarsaning pangeran ingkang Maha Agung
ingkang sampun paring taufik lan hidayah, katandha kula lan panjenengan sami
taksih pinaringan kasugengan saengga saged makempal wonten ing ngriki kanti
boten wonten alangan satunggal menapa.
Bapak
saha ibu ingkang kinurmatan,
Wonten
ing kalodhangan menika, kula badhe ngandharaken babagan “Mufangatipun Taneman
Rosella Abrit”. Taneman Rosella inggih menika spesies sekar ingkang asalipun saking benua Afrika. Wiwitanipun sekar
rosella menika namung kangge taneman hias wonten ing griya-griya, ananging
sakmenika sampun sumrambah dene taneman rosella menika saged kangge obat utawi
bahan pangan lan omben. Taneman Rosella menika nggadhahi kasiyat lan faedah
kangge kasarasaning badan. Kasunyatan sedaya perangan taneman menika saged
migunani kangge njagi kasarasaning awak. Salah sawijining taneman rosella
ingkang sampun dipunsumurupi dening masarakat kathah inggih menika rosella
abrit. Rosella abrit (Hibiscus
Sabdariffa) inggih menika anggota kulawarga Hibiscus ingkang saged ngasilaken serat karung lan Hibiscus rosanensis ingkang lumrah
dipunsebat sekar sepatu.
Rosella
abrit menika nggadhahi kasiyat kangge ngawekani maneka warna penyakit wiwit
kanker ngantos lemah syahwat. Caranipun gampil, cekap ngunjuk asil olahanipun
kadosta sirup rosella abrit lan teh rosella abrit. Kajawi kangge obat, sekar
rosella abang ugi dipunginakaken kangge bahan pangan lan omben. Perangan
taneman ingkang saged dipunproses kangge produk pangan inggih menika kelopak
(angkup) sekaripun. Angkup sekar taneman menika ngandhut toya, sarta kathah
kandhutanipun vitamin A lan C, ugi asam amino. Angkup sekar rosella menika
biyasanipun dipunginakaken kangge jeli, saus, teh, sirup lan manisan.
Miturut
cara tradisional, taneman menika kathah dipunmufangataken kangge nambani lara
watuk, kesel, ngelu, lan gusi getihen. Saripati kuncup sekar rosella ugi
dipunpitados saged kangge nahan kejang-kejang, anti cacing lan anti bakteri.
Khasiyat liyane saking herba menika kadosta antiseptik, ngawekani lemah sahwat,
lan ngedhunaken kadar serapan alkohol.
Cekap
semanten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi wonten pigunanipun tuwin
mufangatipun kagem panjenengan sedaya. Menawi ingkang kula aturaken mboten
mranani ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging samudra
pangaksami. Nuwun...nuwun...nuwun
Wassalamualaikum
wr....wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar