WARNI-WARNINIPUN WANGSALAN
1.
Wangsalan Lamba, yaiku wangsalan
ingkang namung isi batangan satunggal. Tuladhanipun : pindhang lulang (krecek),
kacek apa aku karo kowe?
2.
Wangsalan Rangkep (wangsalan
camboran), yaiku wangsalan ingkang isi batangan langkung saking satunggal. Tuladhanipun
: petis manis (kecap), sarine kaca benggala (banyu rasa). Aja ngucap, yen
durung weruh ing rasa.
3.
Wangsalan Memet, yaiku wangsalan
ingkang sagedipun mbadhe batanganipun sarana ngonceki maksuding tetembunganipun
ambal kaping kalih. Tuladhanipun : uler kambang, yen trima alon-alon. Oncek-oncekan
sapisan, uler kambang : uler ingkang kumambang ing toya = lintah. Dene oncek-oncekan
kaping kalih, wanda “tah” ing tembung “lintah” kenging dipunanggep wancahanipun
tembung “satitahe”.
Padmosoekotjo, S. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Padmosoekotjo, S. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar