CANGKRIMAN
Cangkriman
iku unen-unen kang isi batangan, dadi iya kudu dibatang utawa dibedhe. Cangkriman
iku ana kang awujud Tembung wancahan, Irib-iribing Barang, lan Kang ngemu surasa
blenderan.
1. Cangkriman kang
awujud tembung wancahan, tuladhane : wiwawite, lesbadhonge = uwi dawa wite,
tales amba godhonge.
2. Cangkriman kang
awujud irib-iribing barang, tuladhane : Sega sakepel dirubung tinggi = salak
3. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan,
tuladhane : wong wudune iku sugih pari. Bola-bali paringisan (pringisan, sebab
yen kesenggol krasa lara).
Padmosoekotjo, S. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar