JOHAR
WAYAH AWAN
Dening
: Riska Ratnawati
Jam wolu kurang seprapat
aku wis siap-siap arep mangkat. Pancen dina iki rencanaku mudun ning pasar
johar kanggo golek barang kabutuhan kuliyah. Takarani mudun amerga panggonku
kuliyah pancen kagolong ing dhataran
tinggi. Aku mahasiswa jurusan basa lan satra jawa semester telu. Menawa ora ana
kabutuhan kuliyah, aku ya wegah mudun amerga ndhadhak ngangkot lan uyel-uyelan
ing jero ing pasar. Kamangka panase kutha semarang mono kaya banyu umub kang
lagi dighodok kae. Ya memper panase, wong ing kutha gedhe lan akeh gedhung
bangunan kang dhuwure ora jamak. Beda kaya ing ndesa swasanane adem lan
nyenengake ati uga ora bising.
Sadurunge aku mangkat aku wis
reresik kos. Karepku mono aku mangkat esok-esok supaya ora terlalu panas nalika
ana ing jero angkot. Aku ning johar ora dewean, aku ngajak kanca supaya ana
kancane ngomong. Salsa kancaku dakjak amerga dheweke uga arep nggolek klambi
kanggo acara ing kampus. Jam wolu thet aku metu saka kos banjur ngadang angkot
ing sacedhake pasar. Ananging angkote suwe ora ana-ana. Merga panas gorokan
dadi garing lan kepengin ngombe sing seger-seger. Aku banjur ngajak Salsa tuku
es karo nunggu angkote tekan.
“sa, ayo tuku es sek. Gorokanku
gatel kudu ngombe”. Pangajakku karo ngelapi kringet.
“ah, moh. Mengko gek kene tuku
es malah angkote tekan piye?” wangsulane Salsa karo inceng-inceng mangidul.
“ora-ora tenang tah. Paleng
angkote ya gek ngethem ing dhuwur kana, dari pada kene ngayer ing kene mending
ngombe sek wae. Aku ngelak tenan Sa”. Pangrayuku karo ngglandhang tangane
Salsa.
Salsa banjur nuruti kekarepanku,
wedi yen mengko gek nesu perkara ora diterake tuku es. Amerga aku pancen
nesunan. Salsa wis ngerti kabeh tingkah lakuku merga wis kekancan wiwit
semester siji lan nunggal kos. Sawise tuku es aku lan Salsa banjur balik ing
panggonan ngadhang angkot mau. Ora let suwe angkot pancen teka. Aku lan Salsa
banjur budhal menyang pasar johar.
Lakune angkot pancen banter.
Dadi ora ana sejam aku lan Salsa wis tekan pasar johar. Dhasar wayah liburan,
dadi pasar pancen ramene ora jamak. Tuwo nom,cilik gedhe abyor kabeh ing kono.
Pasar dadi uyel-uyelan lan ndadekake keringet gembrobyos. Aku lan Salsa banjur
mlebu lan milah-milih barang kang dakbutuhake.
Durung suwe anggonku milah
milih, aku krasa yen wetengku mules. Ing batin aku gumremeng dhewe. Sial tenan
weteng iki, ora bisa dijak kompromi. Ning pasar sepisan wae dhadhak kudu
bebuwang. Iki mesti goro-goro mangan sambele Bu Siti mbengi kae. Aku bingung
nggoleki WC ora nemu-nemu. Arep takon wong sing padha dodol ananging aku isin.
Salsa dakgeret mrana mrene nggoleki WC. Dheweke ndremimil nyengeni aku nanging
ora tak rewes babar pisan. Pikiranku mung WC lan WC. Mung iku thok.
“kowe ki mau rak bebuwang sek.
Nginiki dhadhak riwa-riwi nggolek’i WC. Mengko gek rak ana WC piye?” pangeluhe
Salsa marang aku, merga dheweke kesel takjak mrana mrene nggolek WC.
“ana lah, mosok tempat umum ora
ana WC-ne. Ojo gemblung kowe”.
Panyentakku marang Salsa karo ngusapi kringetku kang wiwit gembrobyos.
“ya mbuh, bisa wae ora
disediakna WC”. Salsa sajak ngeyel, nanging ora tak gubris babar pisan.
Ing lantai siji ora nemu, aku
banjur munggah ing lantai loro. Wiwit ngetan nganti ngulon tak ubengi kabeh.
Jebul WC-ne ana ing pojokan kulon dhewe. Ing batin atiku lega merga wis nemu WC.
WC iku ditunggu dening salah sawijining pawongan lanang kang kira-kira umure
45-an taun. Aku banjur gage-gage mlebu ing WC, ananging malah ndhadhak antri.
Ing batin aku wis misah misuh dhewe ora karuwan. Merga aku wis ora betah, kudu
age-age bebuwang. Bareng ana sing wes metu aku gage-gage mlebu ing WC. Ndhodhok
ana limalas menit malah ora metu-metu. Sial temenan, mau wae ora kena
disemayani bareng wis tekan panggonane malah ora bisa metu. Sajak mbebeda wong
weteng iki. Merga aku kesel dhodhok ora metu-metu, aku banjur metu saka WC iku
lan mbayar ing kotak kang wis disediaknuw dening pawongan lanang kang nunggu
mau. Ing jobo aku dienteni Salsa. Dheweke banjur nyedhaki aku.
“piye lega?” karo mleneti HP
dheweke takon marang aku.
“lega piye, malah ora bisa metu
kok”. Aku rada sengit sinambi nyekeli wetengku.
“ora bisa metu kok ning njero
pirang-pirang jam, terus ngopo ning jero?telfonan?” panyentake Salsa marang
aku.
“telfonan gundulmu, wong batinku
suwe ki ben metu mengko ben ora kudu maneh kok. Nanging takenteni pirang-pirang
menit malah tetep ora gelem metu”. Aku mbales nyentak marang Salsa sinambi
mudun ing lantai siji.
“halah, dhasar weteng gag bisa
dijak kompromi ya ngunukui. Kaya aku ngene tangi turu ya wis ning kamar mandi,
dadi metu-metu tenang ora mikir panggilan alam,hehehe”. Pangecene Salsa marang
aku karo guyu ngakak.
Bareng wis tekan lantai siji,
aku lan Salsa nerusake milih-milih klambi. Salsa arep nggoleki kemeja ireng
kanggo acara Diklatsar. Yen aku arep nggolek batik. Milah milih ana setengah
jam, Salsa durung oleh kemeja ireng. Kamangka aku ora ana limalas menit wis
oleh batik lan katok. Lha dheweke siji wae durung oleh. Ing batin aku sing
dipilih ki ya sing piye ngunu, heran aku. Aku sing gantian nesu, merga hawa ing
pasar panase jan ora jamak. Ndadekake kringet mili saka ngendi wae.
“sing mok pilih ki ya sing
kepiye nuw sa, kok kaet mau mutar muter ora ana sing mbok senengi”. Pitakonku
marang Salsa alus, wedi yen dheweke kesinggung.
“lha durung ana sing seneng si
keprimen”. Wangsulane Salsa marang aku.
Keprimenmu batinku. Ananging aku
mung mbatin ora tak ucapake tenan. Salsa mono wong Tegal dadi omongane ngapak.
Omongan ngapak ngunuw kadang bisa nggawe hiburan ananging kadang bisa nggawe
wong mlongo merga ora mudeng apa sing diomongake. Mbiyen nalika aku lagi kenal
ya ora mudeng babr pisan apa sing diomongake Salsa, nanging merga awor saben
dina saiki dadi mudeng. Malah sok-sokan kadhang ketularan omongan ngapak.
Ora let suwe milih-milih, Salsa
banjur nemu kemeja sing dikarepake. Dheweke banjur mbayar lan terus metu saka
pasar. Mlaku durung ana limalas menit, ujug-ujug wetengku kruwes-kruwes maneh.
Aku banjur kandha marang Salsa.
“Sa, wetengku mules maneh,
piye?” karo ngendhekake lakune Salsa.
“halah, dhasar weteng bodhol.
Kaet mau kok teko kudu bebuwang wae, mbengi ki sing mok pangan bangsane opo
tah?” panggresulane Salsa marang aku.
“lha genah ya penyete Bu Siti
ngunuw kok, wong kowe ya melu mangan kok lali”. Wangsulanku marang Salsa.
“terus pimen, pan balik menyang
dhuwur maning?” pitakone Salsa marang aku.
“moh lah, mengko gek tekan WC
ora bisa metu maning. Malah ngenteknuw dhuwit. Wong mbayar rong ewu-rong ewu
eg”. Wangsulanku marang Salsa.
“ya iya lah, emange WC-ne mbahmu
gek ora mbayar. Saiki ki ora ana sing gratis, apa-apa ya mbayar”. Panyentake
Salsa marang aku.
Aku ora mangsuli ananging terus
nerusake laku. Suwe-suwe digawe mlaku wis ora kudu. Aku lan Salsa banjur njujug
angkot kang padha ngethem. Ora let suwe angkot banjur mlaku merga wis akeh
penumpange. Tekan simpang lima dalanan macet kang ndadekake lakune angkot
gremet kaya keong. Kamangka ing njero angkot panase ora jamak kaya wong
dighodok. Nanging angkot malah ora bisa dijak kompromi.
Ora let suwe angkot banjur
bablas merga wis ora macet maneh. Ing batin aku gumremeng dhewe, gek dhang
tekan kosan supaya aku bisa bebuwang leluasa ora digugu-gugupi. Aku lan salsa
lungguh ing sacedhake sopir kang ndadekake mripat ngantuk merga angine
sribit-sribit mlebu saka kaca. Kahanan mau ora kaya dene nek lungguh ing mburi,
kang sesak lan panas. Ora krasa aku lan Salsa banjur keturon. Bareng wis tekan
aku kaget merga digugah dening sopire.
“mudun ngendi mbak,iki wis
tekan”. Pitakone sopir marang aku karo ngoyak-ngoyak awakku.
“sampangan pak”. Wangsulanku
karo ngucek-ucek mripat. Aku banjur nggugah Salsa.
“Sa, tangi Sa. Wis tekan ki lho,
aja turu wae”. Panggugahku marang salsa karo ndeloki jam. Jebul wis jam Siji,
batinku.
Aku lan Salsa banjur mudhun lan
mbayar. Aku banjur nyabrang nggolek angkot jurusan Unnes. Ora let suwe angkot
nlakson –nlakson, aku ora mudeng yen iku nlakson aku. Aku lan Salsa nggur
ngucruk ora nggubris swara tlakson angkot iku. Ujug-ujug angkot nututi aku lan
mandheg ing ngarepku. Aku lan Salsa kaget, kaya ya wis dakbayar kok iseh nututi
aku. Ana apa ya? Batinku. Sopir banjur mudhun lan ngendhekake lakuku.
“pangapunten mbak, sampeyan
mbayar kirang. Ingkang sampeyan parengaken namung kalih ewu”. Sopir mau ngomong
kanti alus.
“oh, pangapunten pak. Rumaos
kula nggih sedasa ewu. Menika kekiranganipun pak”. Wangsulanku karo ngulungake
dhuwit wolung ewu.
“nggih mboten menapa-menapa
mbak. Kala wau kula klakson ananging sampeyan mboten mireng, dados kula purugi
mriki”. Sopir mau njlentrehake.
“kula ingkang nyuwun pangapunten
pak, amergi kula mboten namataken arta. Lajeng nembe tangi dados taksih
ayub-ayuben,hhhhh. Wangsulanku nggenahake.
“nggih mbak mboten
menapa-menapa, kula maklumi. Mangga mbak rumiyin”. Pangajake sopir mau. Banjur
bablas lunga.
Ing kono aku kisinan merga ana
wong akeh kang padha ngingetake aku lan Salsa. Ing batin aku gumremeng dhewe,
lah kok sial tenan dina iki. Sing kudu bebuwang, sing mbayar angkot keliru lan
liya-liyane. Nalika mbayar aku pancen ora namatake dhuwit. Aku nggur jupuk
dhuwit banjur takwenehake sopire. Dakkira ya dhuwit mau sepuluh ewu, jebul malah
rong ewu. Ya pantes wong lagi tangi dadi iseh ayub-ayuben. Dadi ora salah
menawa mbayar kleru. Hhhhh Aku lan Salsa ngguyu cekakan.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar