Nandhang Paukuman
Dening
: Riska Ratnawati
Wis
ana rong sasian iki wawan pancen ora kaya biyasane. Sawise didhukunake bapake, wawan
pancen rada tobat. Wis ora metu bengi, ndelok orkes uga ora ndem-ndeman maneh.
Bab iku kang ndadekake winda lan anake rada lega atine, amerga sasuwene iki
wawan ngono nduwe kebiyasaan sing nggawe onar ing masyarakat yaiku ndem-ndeman,
nongkrong, lan entheng tangane saben wayah ndelok orkes. Nalika Ratih lagi
sinau, ujug-ujug hape-ne muni. Ratih enggal-enggal njupuk hape-ne kang
gumlethak ing ndhuwur meja. Jebule mbakyune telfon.
“Assalamualaikum
mbak, ana apa?” pitakone Ratih marang mbakyune.
“Wawan
umat maneh, dheweke dadi buronan polisi”. Wangsulane Rina marang adhine.
“Ya
allah, ngapa maneh dheweke mbak? Ngamuk wong tah ngapa?” Ratih ndesak mbakyune.
“Ceritane
dawa, kowe sesok muliha”. Wangsulane Rina marang adhine. Rina banjur langsung
mateni telfone.
Ratih
banjur ngrubuhake awake ing amben. Dheweke nangis nganti sesenggrukan. Ing
atine dheweke gumremeng dhewe. Kena ngapa cobaan iki tumeka terus marang awake
lan kulawargane. Lagi wingi Ratih oleh kabar yen pacare lara lan kudu dioprasi.
Kamangka agustus mengko hubungane wis nyandhak patang taun. Hubungan kang wis
mateng. Menawa diibaratake woh-wohan ngono wis wayahe panen. Dheweke pancen
pacaran wiwit kelas loro SMA. Kulawarga siji lan sijine pancen wis padha
ngerti, kari nunggu kuliyahe Ratih rampung banjur nikah. Malah kepara Ratih wis
dianggep kaya kulawargane dhewe dening kulawargane pacare. Amerga Ratih ngono
pancen wong wedok kang tekun, ora gampang nyerah lan nduweni tata krama kang
becik. Bab iku kang ndadekake Adam ora kepencut dening wong wedok liya.
Kamangka tetepungane Adam lan Ratih iku lumantar kekancan ing facebook. Saka
kekancan ing facebook iku sing ndadekake thukuling katresnane Adam lan Ratih
nganti saprene.
Sabubare
kuliyah Ratih banjur bali ing kutha kalairane. Dheweke pancen nduwe rencana
bali minggu-minggu iki sawise tugas kuliyahe rampung dikerjakake. Gandheng
wingi wis ditelfon mbakyune dikongkon cepet bali, Ratih banjur cepet-cepet bali
maju saka rencana kang wis dipersiapake. Jam lima sore Ratih lagi tekan omahe.
Amerga jarak semarang-jepara pancen adoh. Apa maneh yen ditempuh nganggo bis,
bisa patang jam nganti limang jam lagi tekan papan panggonan kang dituju.
Sawise
tekan omah, Ratih banjur reresik awake lan mangan. Ratih pancen durung mangan
kaet esok amarga dhuwite pancen ngepas kanggo sangu umbal mulih. Kabeneran
tekan omah ibune wis masak lan wis cumawis kabeh ing meja mangan. Dheweke
banjur mangan kanti nikmat amerga lawuhe kulup terong, sambel lan gereh kang
dadi kasenengane. Kaya-kaya ibune wis ngerti yen anake arep bali. Kamangka
dheweke ora kandha yen arep bali, supaya surprise jarene.
Bibar
mangan Ratih lan wong tuwane padha jagong ing ngarep tv. Ujug-ujug mbakyune
kang nomer siji aran Rina teka. Ratih banjur miwiti jejagongan iku.
“Kak
Wawan ngapa maneh buk, kok jare mbak Rina dadi buronan polisi”. Pitakone Ratih
marang ibune.
Ibune
ora langsung mangsuli malah eluhe metu lan nangis sesenggrukan. Ratih malah
sansaya bingung benere apa masalahe kok nganti ibune nangis. Ratih nyoba
nggenahake marang mbakyune apa kang dadi permasalahan saengga nganti dadi
buronan polisi.
“Mbak,
Kak Wawan ngapa maneh kok nganti dadi buronan polisi?” pandesake Ratih marang
mbakyune.
“Ya
biyasane ngapa nduk, kaya ora ngerti wae kebiyasaane kangamu”. Wangsulane
mbakyune karo nggendhong anake.
Pranyatan
bener apa kang wis dadi pamikire Ratih ana ing atine, yen kangane nggawe onar
maneh. Menawa mbiyen ora nganti dadi buronane polisi, nanging saiki beda
permasalahane saengga nganti dadi buronane polisi. Kamangka mbiyen wis nate
ditebus ing kantor polisi nganti limang yuta uga gara-gara nggawe onar nalika
ndelok orkes. Malah saiki dibaleni maneh sajak ora kapok. Ratih gumreget atine,
amerga kangane ora kapok bola bali nggawe masalah lan nggawe wirange
kaluwargane. Ratih pancen ora sarujuk wiwit mbiyen nalika mbakyune kang nomer
loro aran Winda iku nikah karo Wawan. Sepisan mbakyune iku lagi lulus SMA, lan
durung nyambut gawe babar pisan. Karepe Ratih mono ben mbakyune nyambut gawe
ndisik, itung-itung kanggo mbales kringete bapak ibune. Kang kaping pindho
menawa Wawan dideleng saka mripate iku wis ketara yen dadi bocah nakal.
Ananging piye maneh, wong mbakyune tresna dadi Ratih ora bisa nyegah kekarepane
mbakyune iku.
Ora
gang suwe ujug-ujug keprungu swara motor. Jebule sing teka mbakyune lan
kangane. Ratih banjur meneng klakep lan enggal-enggal mlebu kamare. Ing batin
Ratih gumremeng dhewe, Ora biyasane mbakyune teka surup-surup kaya ngene. Apa
ya wis diburu dening polisi. Pitakone Ratih ing atine. Ing kono bapake banjur
miwiti jejagongan.
“Kadingaren
surup-surup wis tekan kene, saka omah apa saka ngendi?” pitakone bapake.
“Saking
griya pak, panci sengaja mriki”. Wangsulane Winda.
Durung
suwe anggone padha jejagongan, ujug-ujug keprungu swara mobil mandheg wonten
ing plataran. Ratih banjur metu saka kamare lan enggal-enggal mlayu ning jobo.
Ora dinyana yen sing teka iku polisi kang arep nangkap kangane. Ratih kaget lan
ora bisa swara. Polisi banjur mlebu ing jero omah.
“Jangan
bergerak”. Ujare polisi iku kanti nodongake pistole.
“Ndamel
kalepatan menapa nggih pak, kok mantu kula dipuntangkap”. Pitakone bapake Ratih
marang polisi.
“Mantu
bapak kala wingi ndamel onar wonten ing orkesan pak, dheweke sampun kula
tangkap ananging malah wangsul mundhut gaman kangge ngamuk salah sawijining
polisi ngantos pejah”. Wangsulane polisi iku.
Ing
kono bapake Ratih kaya-kaya krungu bledhek ing wayah ketiga. Ora ana angin ora
ana udan ujuk-ujuk ana bledhek kang nyamber mantu lan kulawargane. Ananging
kepiye maneh, sapa sing nggawe kesalahan kudu gelem diukum amerga wis ana
undang-undange. Kulawarga ora bisa mbelani apa-apa amerga iku pancen kesalahane
Wawan. Winda semaput ngerti bojone diborgol lan digawa dening polisi, semono
uga anake. Bengi iku ing omahe Ratih dadi geger. Tangga teparo dadi padha
ngandhakake kaluwargane Ratih. Ratih dadi njudeg mikirake nasibe mbakyune lan
ponakane. Dhung kudu piye nginiki, lan apa sing kudu dilakoni. Sing dadi
pikirane ora Wawan ananging nasibe mbakyune lan ponakane.
Dina
candhake bapake Ratih lan Winda mangkat ing kantor polisi, amrih njaluk
karinganan. Ananging polisi ora bisa menehi karinganan amerga iku perkara
gedhe. Bapake Ratih lan Winda ora bisa ngapa-ngapa kejaba ngeklasake Wawan.
Mugaa saka paukuman iku Wawan bisa sadar lan ora nglakoni tindak sing kaya mau
maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar