Sabtu, 05 Desember 2015

Geguritan (Tegesing Urip)

Tegesing Urip

Ana mangsane susah                        
Ana mangsane seneng
Iku kang diarani urip
Manungsa iku mung nglakoni
Apa kang wis dadi garising sang widhi
Urip iki ibarate mampir ngombe
Manungsa ibarat wayang
Kang dilakokake dening dalang
Menawa dalange ngetan
Wayang uga kudu ngetan
Ora kena ngulon, ngalor
Apa maneh ngidul
Menawa wis dilakokake ngetan
Kok mlaku ngulon
Iku jengene nerak pager
Menawa wis nerak pagering urip
Wis pesthi dadi wong kang kuciwa
Kuciwa ora ana ing ngarep

Ananging tembe ing mburi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar