Sabtu, 05 Desember 2015

Dasanama

DASANAMA
Dasanama iku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese (nunggal-misah). Wong prelu darbe kawruh dasanama jembar, supaya samangsa ngarang tembang bisa nyampeti guru lagu lan guru wilangane tembang kanthi gampang. Tuladhane dasanama, kayata :
1.     Ratu = katong, raja, narendra, nareswara, pamasa, pamase, dhatu, narpa, narpati, narapati, nata, naranata, naradipa.
2.     Misuwur = kawentar, kasusra, kalok, kaloka, kajanapriya, kombul, kajuwara, kondhang, kaonang-onang, kongas, kontap.
3.     Sumurup = weruh, uning, uninga, udani, anon, priksa, wrin, upiksa.
4.     Pinter = wasis, lebda, wignya, nimpuna.
5.     Sungkawa = rudah, rudita, rudatin, rulem, rudatos, tikbra, susah, sedhih, kingkin.
6.     Utusan = duta, caraka, cundaka.
7.     Angin = bayu, maruta, samirana, sindhung, pracandha, prahara, pancawora, aliwawar.
8.     Badan = awak, salira, angga, kuwanda.
9.     Nyawa = atma, atmaka, jiwa, yitma, suksma, satmaka.

      Padmosoekotjo, S. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: PT Citra Jaya Murti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar