PABRIK
WIG PURBALINGGA SALAH SAWIJINING PEMICU MUNCULE KEKERASAN DALAM RUMAH TANGGA
Dening : Riska Ratnawati
Dening : Riska Ratnawati
Manungsa iku lumrahe urip seneng, ayem,
lan tentrem. Ananging kabeh iku gumantung karo pilihane dhewe-dhewe. Semono uga
karo pilihan nyambut gawe. Saben manungsa nduwe hak kanggo milih pegaweyan kang
miturut awake nyaman lan bisa nyukupi kabutuhan uripe lan keluargane. Kebutuhan
kang sawayah-wayah bisa mundhak ndadekake dhuwit sansaya ora ana ajine babar
pisan. Dhuwit kang jaman biyen 100.000 cukup kanggo kabutuhan seminggu saiki
mung cukup kanggo telung dina malah bisa uga kurang. Majune teknologi uga mempengaruhi
majune pendidikan. Lulusan sarjana akeh sing ora nduwe gaweyan kang padha
jurusane apa maneh mung trimo lulusan SMP, SMA, lan sederajat. Gaweyane mung
dadi pembantu utawa kerja ana ing toko. Jaman saiki pancen ora gampang golek
gaweyan amerga akeh wong kang wis padha pinter. Pengen kerja enak lan ngasilake
dhuwit mumpuni kudune lulusan sarjana. Kamangka lulusan sarjana uga akeh sing
nganggur yen ora nduwe keahlian liyane. Semono uga yen ora nduwe wong jero,
nglamar gaweyan uga angel. Amerga rata-rata yen wis kerja ing panggonan kang
penak mesthi sanak sadulure digawa. Apa maneh yen urip ing ndesa lan adoh saka
kerameyan. Uripe mesthi ora maju yen ora nduwe pikiran kepengin sekolah sing
dhuwur lan bakale bisa urip mulya.
Salah sawijining tuladha kang bisa dadi
tumpuan masyarakat yaiku PT Sun Chang Indonesia kang mapan ing Purbalingga. PT
Sun Chang beroprasi wiwit taun 1995 ing Purbalingga kang dipimpin dening Hyung Sang Lee saka Korea Selatan (Korsel). Produk PT Sun Chang uga diekspor ing luar negeri kayata Amerika
Serikat, Kanada lan Prancis. PT Sun Chang mproduksi wig, idep lan
sapanunggalane. PT Sun Chang mproduksi wig lan idep kurang luwih 1,4 juta per
taun. Pabrik iku nduweni karyawan kurang luwih 5000 wong, wiwit remaja, dewasa
lan ibu-ibu. Karyawan kang dibutuhake ing pabrik iku ora kudu lulusan sarjana,
ananging lulusan SMP, SMA lan sederajat uga bisa kerja ing kono. Malah
akeh-akehe wong sing wis berkeluarga. Karyawan ing PT Sun Chang rata-rata wong
wedok, amerga pancen sing dibutuhake kerja ing kono sabar, teliti, lan
terampil. Menawa wong lanang ora tlaten nyambut gawe kaya ngunukui. Gaji ing PT
Sun Chang uga manut UMR. Sistem kerja ing kono miturut target lan uga ana
lemburan. Jam mlebu ing PT Sun Chang wiwit jam 6 esok nganti jam 6 sore. Menawa
ana lemburan uga nganti jam 8 utawa jam 9 bengi. Kerja ing PT Sun Chang kudune
disiplin lan tepat waktu. Menawa ana karyawane sing telat mesthi wae langsung
disengeni, amerga pimpinane pancen saka luar negeri lan menawa wis kulina urip
disiplin ing negarane.
Babagan disiplin iku sing ndadekake
karyawane akeh sing pada bubrah anggone padha bebrayan. Salah sawijining
karyawan saka desa Karangsari Purbalingga iku asring diamuk bojone amerga anggone
bebrayan ora keurus maneh. Wong lanang sing wajibe golek nafkah lan ora perlu
ngurusi gaweyan omah malah suwalike. Anane emansipasi
wanita pancen nduweni peran kanggo majokake derajate wong wedok. Jaman
mbiyen nalika wong wedok kudu ning omah lan ora perlu sekolah dhuwur saiki wis
umum yen wong wedok padha sekolah lan nduweni kedudukan padha karo derajate
wong lanang. Ananging wong wedok kudu bisa milah lan milih anggone nyambut
gawe. Kepriye bisa nyambut gawe ananging ora ninggalake kodrate dadi wong wedok
kang utamane kudu ngurus keluargane nalika wis milih urip kanggo bebrayan.
Sebut wae karyawan mau SH. Dheweke pancen trimo lulusan SMP kang kepengin
mbiyantu sanggane wong lanang anggone golek nafkah kang dirasa gajine bojone
ora cukup kanggo nyukupi kabutuhane. Gaji saka olehe nyambut gawe ing PT Sun
Chang pancen rada duloni ketimbang ing pabrik-pabrik liyane. Kanti nyambut gawe
ing PT Sun Chang dheweke bisa nyukupi kebutuhan keluargane. Dheweke pancen
asring ora ngurusi anak bojone amerga mangkat nyambut gawe jam 6 esok lan lagi
mulih jam 6 sore. Anggone awor bojone menawa wayah bengi wae. Wong lanang kang
kudune dilayani lan anak kang kudune dirumat wayah esok malah ora bisa
ditindakake dening SH mau. Pegaweyan kang kudu ditindakake dening dheweke malah
kudu ditindakake dening bojone. Pimpina PT
Sun Chang pancen disiplin lan tepat waktu. Menawa ana karyawane sing telat
langsung disengeni bisa uga dipecat amerga dianggep ora tanggung jawab karo
gaweyane. Babagan kaya iku sing ndadekake SH karo bojone asring tukaran lan SH
asring diamuk wiwit dijambak rambute, ditendhang, lan ditampar. Kekadeyan kaya
iku dialami SH saben dina nalika dheweke karo bojone tukaran.
Kekerasan kang dialami dening wong
bebrayan ora mung kang ditayangake ana ing tv-tv wae, ananging uga dialami
dening masyarakat biasa. Saka tontonan kang ana ing tv bisa uga dadi pemicu
anane kekerasan ing masyarakat biasa. Dampak kang ditimbulake saka kekerasan
kasebut uga bisa imbas marang anake. Anak bisa wae trauma lan jiwane
tergoncang. Pemicu kekerasan iku maneka warna kayata minimnya ekonomi, komunikasi pasif, perbedaan pendapat, perselingkuhan,
kesibukan pekerjaan yang berlebihan, kurangnya
perhatian, dan saling curiga. Saka
sabagian pemicu kasebut, sabisa-bisa wong kang wis bebrayan kudu bisa njaga lan
dadi panutan kanggo anak-anake supaya babagan-babagan kasebut ora bisa kelakon.
Tumrap kanggone wong bebrayan, urip kurang lan luwih mesthi tau dialami. Sitik
akeh kudu ditrimo kanthi rasa syukur lan lapang dada. Utamane wong wedok.
Biasane wong wedok sing dipikir dhuwit, dhuwit, lan dhuwit. Wong wedok pancen
nduwe kuwajiban njalok, ananging ora kudu nuntut wong lanang saben dina. Wong
wedok uga kudu ngerti kondisine wong lanang, menawa gajine mung setitik wong
wedok kudu bisa ngecakake nduwit kasebut kanti gemi. Saliyane iku, komunikasi
kang ora lancar uga bisa dadi pemicu kekerasan kang ndadekake hubungan ora
harmonis. Sesibuk kepriye wae anggone wong bebrayan kudu komunikasine lancar
supaya ora kedadeyan salah paham. Semono uga ngenani perbedaan pendapat. Saben
wong kang wis bebrayan nalika ana pamanggih kang ora disarujuki salah sijine,
sabisa-bisa dirembug kanti musyawarah supaya oleh jalan keluar kang trep lan
bener. Wong lanang uga kudu bisa ngurmati pamanggihe wong wedok lan aja kepengin
menang dhewe. Babagan selingkuh uga dadi perkara kang ndadekake anggone wong
bebrayan tukaran lan bisa wae nganti gugat cerai. Menawa wis tukaran, mesthi
wae tangane entheng lan gage-gage ngamuk. Wong lanang utawa wong wedok kang
diselingkuhi mesthi wae ngrasa ora dihargai lan ngrasa menawa dheweke dilecehke.
Supaya ora kedadeyan, sabisa-bisa kudu bisa njaga siji lan sijine. Nyambut gawe
kang nyita wektu uga bisa ndadekake perkara anggone wong kang wis bebrayan.
Tumrap kanggone wong bebrayan, nyambut
gawe uga dadi babagan kang wigati. Wong lanang utawa wong wedok, kudu bisa
mbagi wektu antarane nyambut gawe lan keluarga. Kurange perhatian uga ndadekake
wong gampang emosi amerga ngrasa ora dilayani. Menawa nyambut gawe esok, wong
wedok sabisa-bisa sadurunge mangkat kudu nyiapake kanggo anak lan bojo. Saliyane
iku, kudu bisa saling percaya antarane siji lan sijine. Ora bisa saling tuduh
pinuduh. Menawa ana perkara kudu dirembung kanti bebarengan supaya hubungan iku
bisa terjaga ora nganti ana jengene kekerasan.
Saka pemicu-pemicu kasebut, sabisa-bisa
dadi generasi mudha aja nganthi ngalami kedadeyan kaya ngono. Kurange
pendidikan uga dadi pemicu anggone wong nikah mudha. Saka pernikahan kang iseh
enom kasebut, ndadekake hubungan kang ora harmonis amerga emosine kang iseh
labil. Apa maneh yen umure iseh padha-padha sapantaran, cek cok mesthi
kedadeyan saben dina. Wong kang gampang emosi mesthi wae tangane entheng. Wong
kang ngalami kekerasan terus-menerus, bisa dipastikake bakal cerai. Dampak saka
perceraian kasebut kang ndadekake anak trauma lan jiwane tergoncang. Nalika
anak weruh kedadeyan kang dialami wong tuwane kayata kekerasan, anak bisa wae
wedi marang wong tuwane dhewe. Menawa wis cerai, anak uga kurang oleh kasih
sayang saka wong tuwane amerga wis pisah. Mulo dadi generasi mudha kang wis
menangi jaman maju lan teknologi kang wis ngrembaka aja nganthi ngalami jengene
nikah mudha. Sabisa-bisa kudu nuntut ngelmu sing dhuwur lan bisa nyenengake
wong tuwa. Nalika wis dadi wong sukses, jodho mesthi teka dhewe lan bisa
nyambut gawe kanti pilihane dhewe kang ora ndadekake perkara anggone urip
bebrayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar