Nandhang Tresna
Ketemu pisan rasane dheg-dhegan
Ketemu pindho kumawani adep-adepan
Ketemu kaping telu sansaya nora karuwan
Wewayanganmu tansah kumlebat ana pikiran
Ndadekake ora bisa turu
Swaramu keprungu endah
Kaya dene pelangi
Nari-nari ana tengahing awan
Apa iki kang jenenge nandhang tresna?
Tambah agawe gregeting atiku
Tresnaku sayekti suci
Kaya dene sucining banyu sendhang
Mugaa sliramu bisa nampa tresnaku
Ora
gawe atiku cidra lan kuciwa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar