Sabtu, 05 Desember 2015

Cerkak (JAGAD SMA)

JAGAD SMA
Dening : Riska Ratnawati
            Nuntut ngelmu pancen wigati tumraping wong urip. Ora mung kanggo ing alam donya ananging uga kanggo sangu ing alam akhirat. Sekolah mono dadi idamane saben wong, utamane bisa ngrasani bangku SMA. SMA iku masa-masa paling endah tumraping wong nggolek ngelmu. Ing SMA jare bisa nglakoni apa bae kang durung tau dilakoni ing SMP utawa SD.  Wiwit tukaran karo kancane, dilabrak dening kakak kelase nganti tresna marang lawan jenise. Kabeh iku tau dadi lelakonku nalika aku sekolah SMA.
                Nalika lulus SMP, aku ora terus nglanjutake menyang SMA. Ananging aku nyambut gawe ndhisik setahun amarga wektu iku mbakyuku kang nomer loro lagi kelas telu SMA. Bapakku ora kuat ngragati menawa aku lan mbakyuku padha-padha ing bangku SMA, amerga ragate pancen akeh. Aku manut bae apa kang dikarepake bapakku. Karo ngenteni mlebu SMA aku nyambut gawe ing toko sembako kang ana ing kota. Dhuwit saka olehku nyambut gawe tak kumpulake kanggo ragat mlebu SMA.
                Ora krasa anggonku nyambut gawe wis ana setahun. Aku banjur matur marang bosku yen arep metu saka pagaweyan iku. Wiwitane bosku ora setuju yen aku metu, amerga aku wis dipercaya ing kono. Ananging bareng aku nyeritakake yen aku arep nglanjutake SMA bosku mangerteni lan aku diijinake metu.
                Kanti dikancani mbakyuku aku daftar ana ing sekolah negeri kang ora pati adoh saka desaku. Sawise daftar lan ketrima ing kono, aku rada minder amerga aku ora nduwe kanca saka asal sekolahku mbiyen. Ananging kanti tekad lan semangat kang kuat aku dadi percaya diri lan ora minder maneh.
                Ing salah sawijining dina, aku karo kancaku arep ning kantin amerga bubar olahraga. Ing kantin jebul wis akeh sing padha mangan lan ngombe. Ing kono uga ana kelas XII IPS kang padha mangan lan ngombe. Tekan kono, aku ngajak kancaku bali amerga isin lan kelas XII IPS mono terkenal ndablek. Ananging kancaku ora gelem, dadi aku kepeksa nuruti kanca-kancaku. Sawise bubar mangan, aku lan kancaku banjur bayar ing ibu kantin.
 Nalika aku arep bali menyang kelas, ana salah sawijining kelas XII kang padha omong-omongan karo kancane. Omong-omongane banter lan krungu jelas ing kupingku. Omongane iku katujokake marang aku lan kanca-kancaku.
“sapa iku kim, kok ayu tenan”. Ucape salah sawijining kelas XII  karo ngingeti aku.
“iku tanggaku brow”. Wangsulane kancane.
“ngandel a kim, emang ana wong Dudakawu kang ayune kaya ngono?” pangecene wong mau.
“ojo ngece a brow, mengko gek kowe kepincut lho”. Wangsulane wong mau karo padha guyu latah.
Ing kono raiku kaya-kaya kudu tak klothok. Ing batinku lagi sepisan ning kantin wae wis digodani dening cah kelas XII, apa maneh yen bendino. Sawise kadadeyan iku, aku ora wani maneh jajan ing kantin. Kancaku kanti padha jengkel amerga aku ora gelem dijaki ning kantin.
Liburan semester wis tumeka. Aku ning omah mung mangan turu ora tau metu-metu. Amerga aku pancen ora seneng grubyak-grubyuk kang ora jelas kaya dene nom-nom liyane. Nalika aku lagi turonan ing kamar karo maca buku, ujug-ujug hp-ku muni. Hp enggal-enggal tak jupuk, banjur tak angkat.
“hallo Ka, ning omah ora? Aku arep dolan menyang mahmu”. Pangucape wong mau.
“iki sapa, kok ning hpku ora ana jenenge”. Wangsulanku rada sengit.
“aku Aguz, kakak kelasmu”. Wangsulane wong mau maneh.
Aku ora terus muni iya, amerga aku ora kenal wong kang aran Aguz mau. Ing telfon mau abane padha geger kaya dene bocah TK kang lagi diajari gambar dening gurune. Telfon durung tak pateni abane ana swara motor ing latar pekarangan omahku. Aku enggal-enggal metu saka kamar. Jebul sing teka iku wong sing tau ngece aku nalika jajan ana kantin kae. Ing batin aku gremeng dhewe, saka ngendi dheweke bisa mangerteni omahku. Ora mikir dawa banjur wong loro mau tak kongkon mlebu lan lungguh. Aku banjur ing mburi gawekake wedang lan nyuguhake marang wong mau.
“mangga mas”. Karo nyuguhake wedang ing meja.
“nggih, matur suwun”. Ujare wong mau.                              
 “sampeyan kok mangertos griya kula saking pundi mas?” Pitakonku marang wong loro mau.
“sa....sa....saking kanca mbak”. Wangsulane wong mau kanti gugup.
“menapa sampeyan ingkang telfon kula kala wau?” pandhesekku marang wong mau.
“inggih mbak”. Wangsulane karo ngguyu cekikikan.
“o...alah, tak kira ya sapa”.
Sawise kadadeyan iku, aku banjur asring ketemu karo Aguz. Malah kepara aku diterke mulih barang. Saka asring ketemu iku, thukul rasa tresnane Aguz marang aku. Nanging aku ora langsung nrimo amerga aku krungu yen Aguz lagi bar putus. Aku ora kepengin diarani ngrusak hubungane wong liya.
Salah sawijining dina, aku latian pramuka. Nalika aku lagi latihan baris ana lapangan ana salah sawijining wong wedok kang ndeloki aku terus. Aku ngerti yen wong wedok iku mantane Aguz aran Vinolia. Aku banjur sms Aguz tak kongkon nusul aku ana sekolahan. Amerga aku wedi yen dihadang cah wedok mau. Aguz banjur nusul aku ana sekolahan. Ananging cah wedok mau ora wani nglabrak aku, amerga ana Aguz.
Dina sabanjure aku mlebu sekolah kaya biyasane. Tresnane Aguz uga wis daktampa kanggo ngisi ati kang pancen lagi kosong. Jujur aku ora ana rasa tresna marang Aguz babar pisan, aku nrima karana mesakke. Nalika aku lagi pelajaran Kimia, ujug-ujug ana wong wedok telu mlebu ing kelasku lan wong wedok mau marani aku, jare aku dikongkon ing kantor. Ing kono aku kaya dene krungu swara bledhek ing wayah ketiga. Aku banjur metu saka kelas lan ngintil ing mburine wong wedok mau. Ing tengahing dalan tumuju kantor, aku manekake takon marang wong wedok telu mau.
“emange ana apa mbak,kok aku dikongkon menyang kantor?” pitakonku marang salah sawijining wong wedok telu mau.
“mengko gek ngerti dhewe kowe”. Wangsulane wong wedok mau.
Aku banjur meneng ora wani takon maneh. Ing tengah dalan pikiranku wis ora kepenak. Ora ana sepuluh menit aku wis tekan kantor. Ing kono aku kaget amerga ana mantane Aguz kang aran Vinolia karo genx’e. Kamangka aku ijen ora ana kancane babar pisan. Guru kang ana ing kono banjur miwiti pitakonan marang aku.
“kowe apa bener pacare Aguz?” pitakone guru mau.
“inggih”. Wangsulanku karo ndhingkluk amerga wedi.
“apa bener kowe ngelek-ngelek Vinolia marang kanca-kancane Aguz?” pandhesake guru mau marang aku.
“mboten, kula mboten nate ngelek-ngelek pak”. Wangsulanku groyoh.
“ora apa, wong ngarani wong mak lampir barang kok. Ngaku wae, ora usah wedi”. Wangsulane Vinolia karo metenteng.
“kowe ora daktakoni, dadi menenga”. Panyentake guru mau marang Vinolia.
Ing atiku krasa seneng, ngerti Vinolia disentak dening guru mau. Guru mau banjur ngakon salah sawijining kancane Vinolia kanggo ngundang Aguz supaya masalahe ora dawa-dawa lan ora dadi salah paham. Ora let suwe Aguz tekan kono. Guru mau banjur miwiti pitakonan maneh.
“apa bener iki pacarmu Guz?” pitakone guru mau karo udud kebal-kebul.
“hehhe, inggih pak”. Wangsulane Aguz renyah.
“apa bener yen pacarmu iki ngelek-ngelek Vinolia?” pandhesake guru mau.
“mboten ah pak, Vino wae sing ora trima dakputuz”. Aguz mbenerake, amerga Fika pancen ora ngelek-ngelek Vinolia.
“kabeh kan ya wis padha gedhene, dadi masalah ngunuku wis ora usah digedhek-gedhekno. Kaya bocah cilik wae. Utamane kowe Guz, kowe karo Vino kan ya tau apik, dadi menawa putus ya kudu apik-apik. Ora usah nganggo ngelek-ngelek barang. Semono uga Fika, kowe kan adik kelas dadi aja sok wani-wani karo kakak kelas. Yen mau Vino sakgenx’e ora takcegah, menawa kowe ya wis dikroyok. Ananging aku ora ngijini, amerga masalah mono ora kudu digedhek-gedhekno. Kabeh ana dalan keluare.
Guru mau banjur ngakon aku karo Aguz njaluk maaf menyang Vinolia. Aku banjur jaluk maaf, supaya aku bisa enggal-enggal metu saka ruangan iku. Atiku wis kempropok ora kuat nandhang isin lan jengkel marang Aguz lan Vinolia. Aku banjur ngulungake tanganku marang Vinolia, ananging Vino malah ora gelem taksalami. Ing kono Vino banjur disengeni dening guru mau. Sawise disengeni, Vino banjur gelem nrima takjak salaman. Semono uga Aguz, dheweke uga njaluk maaf menyang Vinolia.
Sawise kadadeyan iku, aku banjur njaluk putuz menyang Aguz amerga aku ora seneng yen hubungan kaya ngono. Aku ora seneng yen aku diarani ngrusak hubungane wong. Kamangka ing kono statuse Aguz uga wis putus karo Vino, dadi aku ora salah yen nrima tresnane Aguz. Ananging Vino ora trima lan malah nggawe fitnah menyang aku. Wiwitane Aguz ora trima dakputus, ananging aku tetep ngeyel njaluk putus. Akhire Aguz ngalah lan gelem mutusake aku.
Donya SMA ora kaya sing takbayangake nalika aku isih nyambut gawe. Jare wong-wong SMA iku masa-masa paling endah, ananging malah suwalike kanggone aku. Aku ora ngrasake iku kabeh. Sing takrasakake mung lelaraning ati. Aku wis ora pengin ngulangi maneh kadadeyan iku. Aku mung kepengin nuntut ngelmu kanggo nyenengake wong tuwaku lan kulawargaku. Saka kadadeyan iku aku bisa metik hikmahe yen pergaulan iku penting supaya ora salah bergaul lan ora kejrumus marang barang kang ora bener.

Cuthel 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar