Sabtu, 05 Desember 2015

Geguritan (Pangestunipun)

Pangestunipun

Ora ana aku
Yen ora ana kekalihe wong tuwaku
Ora bisa kaya mangkene
Yen ora ana usahane wong tuwaku
Mangkat esok, mulih sore
Pacul arit dadi gawane
Sega uyah dadi lawohe
Ados panas ados kringet
Mung kanggo aku nuntut ngelmu
Bapak....ibu
Menawa aku durung bisa
Dadi wong kang bekti marang panjenengan
Kula nyuwun pangapura
Bapak....ibu
Menawa aku durung bisa
Mbales cucuran keringetmu
Enteni aku telung taun maneh
Supaya aku bisa ngangkat derajatmu
Kanti mulih nggawa toga
Dongamu mung dadi panyuwunku
Bapak....ibu

Supaya pangajab iki bisa kaleksanan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar