Rabu, 16 Desember 2015

Bahan Pamulangan

CECALA
Pelajaran basa jawa ora mung ana ing bangko kuliah, nanging uga ana ing SD, SMP, lan SMA. Basa jawa diajarake ing sekolah-sekolah mung 2jam saben seminggu sepisan. Kayata siswa saiki akeh sing wis ora ngerti babagan jawa kang trep lan bener. Isane mung muni nggeh kaliyan boten. Liyane iku wis ora ngerti tindak tanduk, tata krama, lan sopan santun marang wong sing luweh tuwo saka awake dewe. Jan-Jane Menteri Pendidikan kuwi ngerti yen basa jawa kuwi penting tumraping wong urip. Ora malah ape di ilangke saka pelajaran sing ana ing sekolah-sekolah. Luwih becik maneh yen basa jawa kuwi dadi pelajaran sing utama lan uga melu kanggo ujian nasional.
Jawa saiki bisa diibaratake kaya “Wong Jawa Ilang Jawane”. Amerga generasi enom saiki asring sing gelem pelajari seluk-beluk jawa. Bisa diparibasakake saka akehe wong 1000 iku mung ana wong 1 sing gelem pelajari jawa. Lajeng sapa maneh sing bakal nguri-uri jawa lan nglestarekake, yen ora generasi enom lan miwiti saka awake dewe. Mila kita dados calon guru Basa Jawa kudu iso ngemban amanat sing wis dadi tanggung jawabe awake dewe supaya siswa-siswi kuwi mangertosi babagan jawa kang bener lan jawa bisa tetep lestari, ngrembaka, lan ora dijajah budaya manca nganti taun-taun salajengipun.
Ing wekdal menika, kula badhe ngandharaken sekedhik pangertosan ing babagan jawa ingkang pantes kangge pamulangan wonten sekolah-sekolah.
Perangan Kang Cocog Ing Pamulangan
A.        Unda-usuking Basa Jawa
Unda-usuking basa jawa iku ana 8 tataran, yaiku :
                             I.            Ngoko utawa Jawa Dwipa, iku guneme bocah pada bocah. Wong tuwa marang wong nom kang ora ngajeni, bendara marang abdine.
Tuladha : Aku arep menyang pasar, kowe tunggua omah.
                         II.            Ngoko-andap ana loro, yaiku :
a.    Antya-basa, iku pamore tembung ngoko karo krama inggil, ora ngramakake ater-ater lan panambang.
Tuladha : Sliramu apa ora tindak menyang kantor ?
b.   Basa-antya, iku pamore tembung ngoko, krama lan krama inggil, ora ngramakake ater-ater lan panambang.
Tuladha : Yen panjenengan wis kagungan wekdal, mbok ya maringi serat.
                     III.            Basa madya ana telu, yaiku :
·     Madya-ngoko, iku pamore tembung madya karo ngoko, ater-ater lan panambange uga ngoko. Tembung “kowe” dadi “dika”.
Tuladha : Dika kok sajak kesusu ngajak mulih kula, onten prelune napa ta ?
·       Madyantara meh pada karo madya-ngoko, bedane mung tembung “kowe” dadi : mang, samang utawa sampeyan.
Tuladha : Sampeyan rak empun duwe tumbak sing luwih apik ta ?
·       Madya-krama, iku pamore tembung madya, krama lan krama inggil, nanging ora ngramakake ater-ater lan panambang.
Tuladha : Pakne, wanci ngeten kok empun ajeng tindak teng kantor, napa kathah padamelan ?
                      IV.            Basa krama ana telu, yaiku :
a)   Krama-lugu, tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater lan panambange uga krama.
Tuladha : Kala wingi sampeyan rak empun kula criyosi, bilih kula boten saged dateng saderengipun jam sadasa.
b)  Muda-krama, pamore tembung krama karo krama inggil, ngramakake ater-ater lan panambang.
Tuladha : Manawi panjenenganipun ibu marengaken, kula badhe nderek.
c)   Wreda-krama iku awujud tembung-tembung krama, nanging ater-ater lan panambang ora dikramakake.
Tuladha : Nak, kabare sampeyan sampun dicriyosi dening Mas Lurah.
                          V.            Krama-inggil, wujude kaya muda-krama, bedane mung dumunung ing tembung “kula” dadi :  adalem, kawula utawa panjenengan.
Ø Tuladha : Sowan adalem ing ngarsa panjenengan-dalem, prelu nyadong dawuh-dalem.
                      VI.            Krama-desa, iku basane wong-wong desa kang lumrahe pada isih wuta-sastra. Tembung-tembung kang dienggo krama-desa, yaiku :
v Tembung krama utawa krama-inggil dikramakake maneh. Kayata : nama dados nami.
v Nganggo tembung-tembung krama inggil tumrap awake dewe. Kayata : asta kula
v Nganggo tembung-tembung Kawi, kayata : yoga sampeyan.
v Mirid kaanan, kayata : ambetan-duren.
v Wis nduweni teges dewe, kayata : dekeman-dele.
                  VII.            Basa kasar, lumrahe kadadean saka pamore tembung ngoko karo tembung kasar, iku basane wong sing lagi gumilang.
Ø Basa kadaton (basa bagongan), iku guneme para sentana lan abdining ratu ana ing sajroning kadaton lan ana ing ngarsane Sang Prabu utawa Pangeran Adipati Anom.
Menawi, basa-basa ing dhuwur cocog kangge pamulangan SMA. Amergi menawi SMP Nembe pengenalan dasar rumiyin. Nanging, ing jaman saiki siswa wis cukup menawa ngerti lan bisa ngecakake tatarane basa jawa ngoko, krama, lan krama inggil. Tataran basa liyane cukup dadi pangerten bae, ora prelu bisa ngecakake.
B.        Jinise Tembung Jawa
Jinise Tembung Jawa ana 10, yaiku :
1.     Tembung aran (kata benda) : omah, hawa,kasusastraan lan sapanunggalane.
2.   Tembung kriya (verba/kata kerja) : adus,ngarang lan sapanunggalane.
3.   Tembung watak (adjektiva, kata sifat) : abang
4.   Tembung panerang-wasesa (adverbia, kata keterangan) : durung, sida, mesti lan sapanunggalane.
5.    Tembung sesulih (pronomina, kata ganti) : aku, kowe, deweke lan sapanunggalane.
6.   Tembung wilangan (numeralia, kata bilangan) : telu, sakodi lan sapanunggalane.
7.    Tembung ancer-ancer (preposisi, kata depan) : saka, menyang lan sapanunggalane.
8.   Tembung pangiket (konjungsi, kata sambung) : lan, nanging, sabab lan sapanunggalane.
9.   Tembung panyilah (partikel, kata sanding) : si, sing, sang lan sapanunggalane.
10.                       Tembung sabawa (interjeksi, kata seru) : ah, o, aduh lan sapanunggalane.
Mesti bae isih akeh tembung-tembung jawa sing bisa kalebu ing jinis-jinise tembung ing dhuwur, nanging biasane ing sekolah-sekolah sing diwulangake mung tembung aran, tembung kriya, tembung watak, tembung keterangan, lan tembung sesulih. Amergi menawi tembung-tembung liyane ana ing perkuliahan. Tembung-tembung menika cocog kangge pamulangan SMA.
C.        Tembang Macapat, Guru Lagu, Guru Wilangan lan Guru Gatra 
Tembang Macapat ana 11, yaiku :
a.    Kinanti, awatak : seneng, asih, tresna. Matuke kanggo medarake piwulang, carita kang ngemu surasa asih-tresna lan asmara.
b.   Pucung, awatak : kendo, tanpa greget-saut. Matuke kanggo ing carita kang sajak mung ing sakapenake, tanpa kamempengan.
c.    Asmaradana, awatak : sengsem, sedih, prihatin. Nanging, prihatin utawa sedih kang marga ketaman ing lara asmara. Matuke kanggo ing carita kang isi surasa nawung asmara.
d.   Mijil, awatak : wedaring rasa. Matuke kanggo ing carita kang isi pitutur, nanging uga kena tumrap ing carita gandrungan.
e.    Maskumambang, awatak : nalangsa karanta-ranta. Matuke kanggo medarake rasa-pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta.
f.      Pangkur, awatak : sereng. Kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng, sajak gregeten. Lumrah uga kanggo ing carita perang.
g.    Sinom, awatak : gapyak, cocog karo jenenge. Matuk kanggo sesorah, carita kang isi pitutur.
h.   Dandanggula, awatak : luwes, resep. Tumrap ing ing carita kang ngemu surasa kapriye bae bisa matuk, pancen luwesan.
i.      Durma, awatak : galak, muntab. Matuk kanggo medarake rasaning ati nepsu, ati kadereng sereng, utawa kanggo ing carita perang.
j.      Gambuh, awatak : runaket, kulina, wanuh-wani. Matuk kanggo medarake pitutur kang rada sereng marga wis keduga.
k.    Megatruh, awatak : sedih-kingkin kaworan nglokro (putus asa). Kanggo medarake rasa gegetun pungun-pungun, nlangsa keranta-ranta.
Guru Lagu, Guru Wilangan, lan Guru Gatra
1.     Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
2.   Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
3.   Guru Gatra, yaiku cacahing gatra saben sapadha.
Guru lagu, guru wilangan lan guru gatrane tembang macapat kapratelakake kaya ing ngisor iki :
1.     Kinanti          : 8u; 8i; 8a; 8i; 8a;8i
2.   Pucung          : 12u; 6a; 8i; 12a
3.   Asmaradana          : 8i; 8a; 8e; 8a; 7a; 8u; 8a
4.   Mijil               : 10i; 6o; 10e; 10i; 6i; 6u
5.    Maskumambang  : 12i; 6a; 8i; 8a
6.   Pangkur                  : 8a; 11i; 8u; 7a; 12u; 8a; 8i
7.    Sinom            : 8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8u; 7a; 8i; 12a
8.   Dandanggula         : 10i; 10a; 8e; 7u; 9i; 7a; 6u; 8a; 12i; 7a
9.   Durma           : 12a; 7i; 6a; 7a; 8i; 5a; 7i
10.          Gambuh             : 7u; 10u; 12i; 8u; 8o
11.Megatruh               : 12u; 8i; 8u; 8i; 8o
Menawi tembang macapat guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra cocog kangge pamulangan SMA. Amergi teng SMA sampun tingkatan nginggil, boten malih tingkatan dasar. Ananging, wong jaman saiki menawa gawe parikan, geguritan, lan tembang wis ora manut paugeran guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.
D.       Tembung Garba (Sandi)
Tembung garba (sandi) iku lumrahe tinemu ana ing Kasusastan kang sinawung ing tembang. Samangsa ana gatra kang kakehan guru-wilangane, pangripta bisa ngelong cacahe wilangan iku sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra mau.
Menawi tembung garba cocog kangge pamulangan wonten SMA. Amergi menawi wonten tembung garba ing tembang utawi geguritan siswa saged mangertosi yen menika tembung garba.
E.        Tembung Saroja
Saroja ateges rangkep, kembang tundjung, kembang padma, trate, kumuda, pakadja (pangkadja). Dene tembung saroja yaiku tembung rangkep kang pada tegese utawa meh pada tegese dianggo bebarengan. Tuladhane : Aku krungu tembang rawat-rawat ujare bakul si nambewara manawa Sang Kusumaning Ayu Dewi Kuntinali brangta ing Mandura ngedegake sayembara pilih.
Menawi tembung saroja cocog kangge pamulangan wonten SMP. Amergi, menawi tembung saroja boten dipunwucalaken, lajeng siswa kepanggihan kaliyan tembung saroja saged mawon tembungipun dipunwalek. Ananging, tembung saraoja menika boten saged dipunwolak-walik sageleme dewe, kudu manut kalumrahan. Kayata : wadya-bala, ora kena diwalik : bala-wadya.
F.         Tembung Entar
Tembung entar, tegese : tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Manut tegese entar, maksude : manut tegese kang ora mung sawantahe, ora mung salugune. Kosok baline : manut tegese sing baku, sing salugu, sing sawantahe. Tuladhane : tembung “kuping”. Ing unen-unen “kuping wajan”. Kuping iku peranganing anggane manungsa utawa kewan , kalebu pancarita, piranti kanggo ngrungokake. Paribasan, bebasan lan saloka iku satemene uga kalebu ing golongane tembung entar, sabab telu-telune pada ora kena mung ditegesi ing sawantahe bae, kabeh pada mawa surasa kang ora mung salugune bae. Bedane Paribasan, bebasan lan saloka karo tembung yaiku kabeh ajeg unen-unene, ananging yen tembung entar unen-unene ora ajeg.
Tembung entar menika cocog kangge pamulangan wonten SMP, amergi SMP menika nembe pengenalan dasar kemawon.

G.       Cangkriman
Cangkriman iku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksute. Tembunge liya capeyan utawa badean (bedekan).
Cangkriman iku kena diperang dadi papat, yaiku :
1.     Cangkriman kang awujud tembung wancahan. Tuladhane : “Pak bo letus”. Tapak kebo (ana) lelene satus.
2.   Cangkriman kang awujud pepindan utawa irib-iribing barang. Tuladhane : “Sega sakepel dirubung tinggi”. Artine : nanas
3.   Cangkriman kang ngemu surasa blenderan. Tuladhane : “Wong wudunen iku sugih pari”. Tembung “pari” maksute : wancahane tembung paringisan. Pancen wong wudunen iku kerep pringisan ngrasakake larane, yaiku manawa wudune nuju kesenggol ing apa-apa.
4.   Cangkriman liya-liyane.
Cangkriman menika cocog kangge pamulangan wonten SMP. Amergi SMP menika nembe pengenalan dasar, menawi wonten SMA sampun ngantos tataran ingkang nginggil.
Panutup
A.        Simpulan
1.    Unda-usuking basa jawa iku ana 8 tataran, yaiku : Ngoko, ngoko-andap, madya, krama, krama inggil, krama desa, lan basa kasar.
2.  Jinise Tembung Jawa ana 10, yaiku : Tembung aran, tembung watak, tembung kriya, tembung panerang-wasesa, tembung sesulih, tembung wilangan, tembung ancer-ancer, tembung pangiket, tembung panyilah, tembung sabawa.
3.  Tembang macapat ana 11, yaiku : Kinanti, pucung, asmaradana, mijil, maskumambang, pangkur, sinom, dandanggula, durma, gambuh, megatruh. Tembang macapat iku kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.
4.  Tembung garba (sandi) iku lumrahe tinemu ana ing Kasusastan kang sinawung ing tembang. Samangsa ana gatra kang kakehan guru-wilangane, pangripta bisa ngelong cacahe wilangan iku sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra mau.
5.  Tembung saroja yaiku tembung rangkep kang pada tegese utawa meh pada tegese dianggo bebarengan.
6.  Tembung entar, tegese : tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae.
7.   Cangkriman iku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksute. Tembunge liya capeyan utawa badean (bedekan).
B.        Saran

Menika ingkang saged kula andharaken, menawi kathah kekirangan nyuwun pangapunten. Wontenipun andharan menika mugiyo saged dadosaken pamanggih dhateng ingkang betahaken lan mugi-mugi saged ndamel referensi dhateng calon guru ing masa depan. Sanesipun kita dados Mahasiswa basa lan sastra jawa boten namung mangertosi lan paham dhateng pamulangan menika, ananging kedah saged ngandharaken babagan ingkang wigati dhateng pamulangan wonten ing sekolah-sekolah, amergi kita menika calon guru.
sumber NGENGRENGAN KASUSASTRAAN DJAWA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar