Kendhuren,
Apa Wis Arep Ilang?
Dening
: Arief Mulyana
Saperangan ahli mastani, agamane
wong jawa sing temenan iku sejatine aran kendhuren. Kendhuren, ora beda
pokoking ngibadah. Awit kanggone wong jawa, kabeh perkara kang ana gandheng
cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu
prastawa liyane, kaya ta nggawe omah, lulus sekolah, lan ketampa nyambut gawe
kudu dikendhureni. Upacara kendhuren mono ancase kanggo nggayuh kaslametan.
Mula kendhuren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud
kendhuren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau
gumantung kepercayaan pribadhine dhewe-dhewe.
Miturut Herusatoto (1991), kendhuren
iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong jawa kanggo memuji lan
nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tata cara, ubarampe, lan langkung upacara
kendhuren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepenginan utawa
panyuwunan marang zat kang luwih kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kendhuren
iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong jawa kang ngleksanani upacara mau,
dadi kaya ndedonga.
Sejatine kapan kendhuren wiwit
ditindakake dening wong jawa?tekan saiki ora ana wong kang ngerti kanthi
premati. Sing cetha, tradhisi mau tinggalane
para leluhur wiwit kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama islam
ing tanah jawa (abad 14-15), wujud lan mantrane kendhuren diowahi, diganti, lan
dicedhakake marang cara islam. Mula sing kaleksanan saiki, kabeh dongane adate
nganggo donga-donga islam saka alquran utawa hadis. Dadi kendhuren saiki mono
sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah. Apa maneh jaman wis modheren
kaya saiki.
Kapethik saka : Kalawarti Sempulur, September
2002 (LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA
kelas X Semester Gasal)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar