ANALISIS CERITA KETOPRAK “JAKA
TINGKIR NGRATU” BERDASARKAN TEORI STRUKTURAL NARATIF ALA LEVI STRAUSS
Disusun
Untuk Memenuhi Tugas Akhir Mata Kuliah Sastra Lisan
Dosen
Pengampu Bapak Widodo Wikandana
Disusun
oleh:
Riska
Ratnawati (2601414019)
Rombel
01
JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2016
Ing
jaman sakmenika donya sastra sansaya ngrembaka. Utamanipun ing kalangan tiyang
enem ingkang remen sanget dhateng donya sastra. Ingkang dipunwastani sastra
inggih menika karya seni ingkang dipunkarang miturut standar basa kesusastraan.
Miturut Usman Effendi, kesusastraan utawi sastra inggih menika ciptaan manungsa
ingkang wujudipun lisan utawi tulisan ingkang awujud karya sastra. Sastra lisan
ngandut nilai utawi ide, amanat, gagasan sarta nilai ingkang saged dipuntampi
lan dipunnikmati dening masarakat kathah. Sastra lisan menika gegayutan
langsung kaliyan masarakat ingkang tuwuh lan ngrembaka wonten tengahing masarakat
lan dipunwarisaken turun temurun kanthi lisan minangka gegadhahan sesarengan.
Pramila sastra lisan menika kekayaan budaya mliginipun kekayaan sastra lan
minangka model apresiasi lan pemahaman gagasan adhedhasar tradisi sadangunipun
pinten-pinten abad.
Wujudipun
karya sastra lisan inggih menika maneka warna. Salah sawijining karya sastra lisan
ingkang taksih ngrembaka ngantos sakmenika inggih menika ketoprak. Ketoprak
inggih menika drama tradisional ingkang dipunperagakaken dening sekelompok seni
lan dipunpentasaken wonten ing sawijining panggung kanthi mundhut cariyos
saking sejarah, cerita panji, dongeng lan sanes-sanesipun kanthi dipunselani
lawak. Ketoprak wiwit wonten taun 1922 nalika mangsa Mangkunegaraan. Kesenian
menika dipuniringi dening gamelan. Ciri khas saking ketoprak inggih menika
ngangge basa jawi nalika wicantenan wonten ing panggung. Wiwitanipun ketoprak
menika namung kangge hiburan dhateng masarakat ingkang dipunciptakaken dening
salah sawijining pawongan wonten ing kerajaan. Ananging amergi kathah masarakat
ingkang remen, ketoprak saged ngrembaka ngantos sakmenika lan dados tontonan
masarakat ingkang remen sanget dhateng kesenian tradisional.
Adhedhasar
paparan wonten ing nginggil, panulis badhe nerapaken cariyos ketoprak ngangge
teori Struktural Ala Levi Strauss supados saged mangertosi nilai keteladanan
wonten ing cariyos ketoprak.
a. Kados
pundi Struktur Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” ngangge teori Struktural
Ala Levi Strauss?
b. Menapa
kemawon nilai-nilai keteladanan Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” wonten
ing penerapan teori Struktural Ala Levi Strauss?
a. Kangge
mangertosi nilai-nilai keteladanan wonten ing Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir
Ngratu” ngangge penerapan teori Struktural Ala Levi Strauss.
b. Kangge
mangertosi cariyos ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” saged dipunanalisis ngangge
teori Struktural Ala Lvi Strauss.
Miturut Levi Strauss, analisis mite
kedah mlampah kayata analisis babagan basa. Unsur-unsur mite, kayata
unsur-unsur basa, wonten sajroning piyambakipun boten ngandut makna. Makna
menika nembe tuwuh nalika unsur-unsur kasebut nggabung bentuk sawijining
struktur. Mite nganduta manat ingkang dipunsinandikaken, lan tugas saking
penganalisis inggih menika nemokaken lan nguraikaken kode menika sarta mbikak
amanat kasebut.
Levi Strauss ngendikan dene struktur
mite menika nggadhahi sifat dialektis. Tegesipun, saking mrika dipuntampilaken
oposisi lan kontradiksi tartamtu---jaler: estri: endogemi: eksogami; kakak:
adik; bumi: langit; lan selajengipun wonten penengahan utawi pemecahan (cetha
saking proses menika kirang langkung sami kaliyan proses tesis- anti tesis-
sintesis saking pemikiran Hegel). Menawi dipunpirsani saking gegayutanipun
kaliyan fungsi-fungsinipun mite mbiyantu nglukisaken kontradiksi tartamtu
wonten kauripan, lajeng mecahaken kontradiksi menika. Utawi kayata
pamanggihipun dialektis ingkang dipunajukaken dening Leach.
Sampun tamtu, mite nggadhahi muatan
naratif. Ananging miturut Levi Strauss lan pengikutipun babagan menika boten
makna utami, amergi mite nebus ngantos (mentrasendensi) narasi. Ingkang
tegesipun inggih menika pola mite ingkang sepenuhnya formal menika,
gegayutan-gegayutan logis antawis elemen-elemen ingkang terkandung wonten
dalemipun. Menawi dipunpirsani saking skala global, variasi mite ingkang nampak
nyata menika dipunpirsani minangka transformasi logis saking seperangkat
gegayutan struktural ingkang tahan kanthi dangu. Penemuan inti struktur ingkang
mendasar menika ingkang dados perhatian pokok Levi Strauss nalika menganalisis
mite. Sabab pungkasanipun inti struktur inggih menika mbikak struktur manungsa
piyambak sarta logika serba-bagi-dua—(Binary-biner) ingkang dados landasan
penopangnya. Wonten babagan menika, Leach narik analogi antawis struktur mite
kaliyan struktur musik sarta drama.
Myteme miturut Levi Strauss inggih
menika unsur-unsur saking kontruksi wacana mistis utawi (mythical discourse), ingkang
nggadhahi satuan-satuan kosokbalen (oppositional), relatif lan negatif.
Pandangan Jacobson babagan fonem, myteme dipunaturaken dening Levi Strauss
minangka “Purely differential and contentless sign” mula saking menganalisis
sawijining mitos utawi cariyos, tegesipun saking tembung ingkang wonten cariyos
kedah dipunpisahaken wonten makna myteme utawi cariyos, ingkang ugi bagiyan
saking tetembungan utawi rangkaian tembung-tembung wonten cariyos kasebut.
Jaka
Tingkir menika putra saking Ki Ageng Pengging. Asma Jaka Tingkir ingkang leres
inggih menika Mas Karebet. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber
ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng
Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora
sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng
Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru. Mas Karebet
nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh
menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulure
karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing
omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi
mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing
sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir
kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane
pamer lan umuk, arane Dadungawuk. Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon
prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika.
Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak. Jaka Tingkir
banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa
ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka
Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang
aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali
Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane
Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha
kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan
sebrange kali.
Tumekane
ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa
ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan
ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora
angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan
Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh. Kasektene Jaka Tingkir,
ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya.
Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan
Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi
ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur
saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana
kang dadi bupati Jepara).
Arya
Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan
Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah.
Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga
isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan. Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya
Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki
Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki
Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse
prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.
Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih
Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat
ngabehi. Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati.
Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age
menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening
Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan
Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani
hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan
Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang. Sunan
Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib
sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan
wajib ngadep mring Pajang.
Ki
Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram
ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi
laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun 1582 Raden Pabelan
(ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton ( anakke
Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang
disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk
pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake
Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luput dening
Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan
Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah,
banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. Ana ing kraton, Lurah
Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan
Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka
Tingkir dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak,
Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung
jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Alur
Cerita :
1. Jaka
Tingkir putra saking Ki Ageng Pengging
2. Nalika
Jaka Tingkir umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging seda
3. Jaka
Tingkir dipek anak Nyi Ageng Tingkir
4. Jaka
Tingkir meguru marang Sunan Kalijaga
5. Jaka
Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak
6. Dening
Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama
7. Sawijining
dina Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit, Tingkir kang diutus
mbiji
8. Ana
salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane
Dadungawuk
9. Jaka
Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa
dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika
10. Saka
prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
11. Jaka
Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang
bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro
12. Saka
Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng
Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil
13. Tumekane
ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan
14. Sultan
Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya
Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau
15. Marga
saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh
16. Sawuse
Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni
dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang
17. Arya
Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang
18. Ratu
Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih
ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan
19. Sapa
kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Lan kang
bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
20. Sawuse
prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya
21. Pusate
dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan
22. Sultan
Hadiwijaya ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur
Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi. Ki Panjawi
antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati
23. Ananging
Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake
tanah Mataram
24. Sunan
Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi
25. Alesane
Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu
ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake
Pajang
26. Ing
taun 1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren
Sekar Kedaton ( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran
Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang
27. Sutawijaya
ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman
28. Tumindake
Sutawijaya dianggep luput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram
29. Perang
mau dimenangake dening pasukan Mataram
30. Sawuse
kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan
disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen
31. Ing
kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura
32. Nanging
Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat
Jaka Tingkir dadi lurah prajurit Tamtama maneh.
Minangka
langkah kapisan analisis, kisah wonten ing nginggil kedah dipunpisah-pisah ing
saperangan episode, ingkang wosipun sawijining deskripsi ngenani sawijining
babagan utawi nggadhahi sawijining tema tartamtu. Makna saking episode, ingkang
badhe kita sumurupi samangke, gumantung kaliyan sekabehaning teks. Amargi, kita
boten saged nafsiraken sawijining episode namung kaliyan acuan saking
sawijining cariyos ing njaba tanpa merhatikaken posisi episode menika saking
sekabehaning cariyos.
Selajengipun
ing analisis menika kita kedah ngangsalaken unit-unit ingkang wonten ing
cariyos, ingkang kita sebat kaliyan ceritheme.
Ceritheme menika kita goleki saking
tingkat ukara. Sawijining ukara angsal kita anggep sawijining cerithem yen ing
njeronipun ngandhut sawijining relasi tartamtu, utawi yen ukara kasebut
nglukisaken gegayutan-gegayutan tartamtu antar elemen ing cariyos. Cerithem
menika banjur kita susun ndherekaken sumbu sintagmatis lan paradigmatis sabab
kados ing basa, makna saking sawijining elemen gumantung kaliyan relasi
sintagmatis lan paradigmatis ing elemen-elemen ingkang sanes. Kanthi cara sanes
angsal kita temokaken cerithem-cerithem ingkang ngandhut relasi ingkang sami
utawi ingkang boten sami. Interpretasi ing makna cariyos kasebut gumantung
kaliyan sekabehaning relasi antar cerithem ingkang kasil kajupuk sarta makna
reverensial utawi kontekstual saking elemen-elemen ingkang wonten ing cerithem
kasebut.
Sasampunipun
maos cariyos ketoprak Jaka Tingkir Ngratu kita saged nemokaken saperangan
episode ing njeronipun. Saking episode-episode menika ngandhut
cerithem-cerithem ingkang nyumurupaken dhateng kita maneka warna relasi antar
paraga ingkang wonten ing cariyos kasebut. Makna maneka warna ceritheme lan
episode menika enggal dados cetha sasampunipun kita bandingaken lan sejajaraken
setunggal kaliyan ingkang sanes.
Episode
1 (alinea 1-3) ingkang
kita angsalaken saking cariyos kasebut inggih menika asal-usul nama Jaka
Tingkir. Aslinipun nama Jaka Tingkir inggih menika Mas Karebet putra saking Ki
Ageng Pengging. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki
Ageng Pengging seda. Ora suwe, banjur garwanipun nyusul. Banjur Mas Karebet
dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir.
Episode
II (alinea 4-10) wosipun
perjalanan Mas Karebet meguru. Ing kono dipuncariyosaken yen Mas
Karebet meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela.
Sasampunipun meguru, Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro
ngantos dipunangkat dadi lurah wiratamtama. Nalika Kesultanan Demak nganakake
sayembara milih prajurit, Tingkir kang diutus mbiji. Ing sayembara kasebut, ana
calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk. Jaka
Tingkir ora seneng marang calon prajurit iku. Dheweke banjur nguji kasektene,
Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung
saka Demak.
Episode
III (alinea 11-15)
ing alenia 11-15 kasebut dipuncariyosaken yen Jaka Tingkir menika boten nglokro
utawi patah semangat anggone dados pemimpin ing Kasultanan Demak. Kasunyatan
sasampunipun ditundung saka Demak, Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng
Banyubiru. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening
muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali. Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake
kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo
mau ngamuk ora karuan. Ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana
kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, Sultan Trenggana banjur ngutus prajurit
supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Jaka Tingkir bisa
ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi
Lurah Tamtama maneh.
Episode
IV (alinea 16-19)
ing alenia menika, saged dipunpirsani yen raos kekeluwargaan wonten cariyos
kasebut taksih dipunjagi. Kasunyatan nalika Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya
supaya mateni Arya Penangsang, Hadiwijaya rumangsa pakewuh amergi taksih wonten
gandheng paseduluran menawi kedah mateni kanthi cara terang-terangan. Mula
dheweke nganakake sayembara, Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati
lan Mataram dadi duweke. Wong kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru
Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Episode
V (alinea 20-25)
ing alenia kasebut, wonten prastawa kang ndadosaken manah sumelang amergi
mireng ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale
ngasorake Pajang. Pramila Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram
marang Ki Ageng Pemanahan. Sunan Kalijaga kang mireng prastawa kala wau, nyobi
nengahi lan mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Ki Ageng Pemanahan ugi
wajib sumpah prasetya mring Pajang.
Episode
VI (alinea 26-32 )
sasampunipun prastawa kasebut, wonten prastawa kang ndadosaken geger ing
taman kaputren Sekar Kedaton. Raden
Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton (
anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang
disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk
pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake
Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luput dening
Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan
Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah,
banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. Ana ing kraton, Lurah
Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan
Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka
Tingkir dadi lurah prajurit tamtama.
Keteladanan
ingkang saged dipunpundhut saking cariyos ketoprak Jaka Tingkir Ngratu inggih
menika :
1) Jaka
Tingkir boten nate nglokro nalika gadhah gegayuhan ingkang saged
dipunwujudaken. Pramila kita dados manungsa kedah semangat lan kerja keras
supados gegayuhan ingkang kita angen-angen saged kawujudaken kaya dene tuladha
wonten ing cariyos Jaka Tingkir Ngratu.
2) Raos
kekeluwargaan menika kedah dipunjagi supados tali silaturrahmi kaliyan sedherek
menika boten pecah. Babagan menika kaya dene Hadiwijaya ingkang mirasa pakewuh nalika
dipunaturi mateni Arya Penangsang kanthi cara terang-terangan.
Sastra
kang sansaya ngrembaka ndadosaken Sastra lisan ingkang awujud cariyos ketoprak
tetep lestantun ngantos sakmenika. Kasunyatan cariyos ketoprak taksih
dipunkaremi dening tiyang-tiyang ingkang remen sanget kaliyan kesenian jawi.
Cariyos ketoprak ugi saged dados hiburan lan tontonan dhateng masarakat ingkang
remen dhateng kesenian jawi. Saking analisis cariyos ketoprak menika, kita
saged mangertosi dene cariyos ketoprak menika saged dipunanalisis ngangge teori
struktural naratif ala Levi Strauss. Sanesipun kita ugi saged mundhut nilai
keteladanan saking cariyos ketoprak ingkang sampun dipunanalisis ngangge teori
struktural naratif ala Levi Strauss. Keteladanan saking cariyos ketoprak Jaka
Tingkir Ngratu inggih menika :
1) Jaka
Tingkir boten nate nglokro nalika gadhah gegayuhan ingkang saged
dipunwujudaken. Pramila kita dados manungsa kedah semangat lan kerja keras
supados gegayuhan ingkang kita angen-angen saged kawujudaken kaya dene tuladha
wonten ing cariyos Jaka Tingkir Ngratu.
2) Raos
kekeluwargaan menika kedah dipunjagi supados tali silaturrahmi kaliyan sedherek
menika boten pecah. Babagan menika kaya dene Hadiwijaya ingkang mirasa pakewuh nalika
dipunaturi mateni Arya Penangsang kanthi cara terang-terangan.
Kita
minangka mahasiswa Bahasa lan Sastra Jawa kedah saged nguri-uri kesenian jawi, menapa
malih saged ngrembakaken kesenian ingkang sampun wonten. Keteladanan ingkang
wonten cariyos kasebut, sabisa-bisane dipunterapaken wonten kahuripan
masarakat. Boten ngantos dipunmangertosi kemawon.
Sudikan, Setya
Yuwana. 2001. Metode
Penelitian Sastra Lisan.
Surabaya
:
Citra Wacana