Jumat, 08 Januari 2016

Artikel Tradisi Jawa


Cowongan

            Mangsa ketiga ing ngendi wae gawe rekasa. Sing paling ngrasakakesedulur tani. Sawah, kebon, lan pekarangan garing padha nela. Nandur apa wae ora kambon banyu akeh ora kasile. Arep ngliwet wae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune sing ana ing pinggir Kali Serayu, isih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh sing sambat. Sapa maneh sing bisa nekakake udan angger dudu sing Kuwasa? Mulane padha ngreka daya nyuwun marang Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan marang bumi.
            Salah sijine upacara nyuwun udan sing ana ing tlatah Banyumas diarani cowongan. Nganakake cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat saka patang wulan lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing lan mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakake sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakake udan kanggo nelesi bumi sing garing.
            Dewi Nawangwulan kuwi sapa? Critane, Dewi Nawangwulan kuwi widadari saka kahyangan. Wektu mudhun marang bumi karo batir-batire adus ana tlaga, klambine diumpetake Jaka Tarub. Mesthi wae ora bisa bali ing kahyangan. Banjur Jaka Tarub ngajak bali si widadari. Nawangwulan banjur didakekake bojo, urip kaya manungsa lumrahe. Bareng duwe anak dijenengi Nawangsih, klambi sing diumpetake Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan banjur mabur ing kahyangan anake ditingggal ana ngisor wit gedhang raja. Mulane Nawangsih kanggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing dianakake ana ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwi critane upacara mau niru Jaka Tarub.
            Cowongan ora kena sembarangan. Dhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi.  Ancase kanggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat dhukun lan sing ditugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing katelah diarani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase saka cumplung awake saka pring banjur diklambeni kaya putri sing ayu rupane. Lakune upacara cowongan panggonane ana ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jare kon mbantu nyuwun marang Gusti Allah nekakake udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat, tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong diobahake kaya lagi nyuwun udan marang Gusti Allah. Ananging kasembadan orane gumantung kersane Gusti Allah.
            Nah, saiki udan wis temurun. Godhong-godhong wis katon ijo. Bumi sing nela rapet maneh. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure. Kabeh obahing jagat iki ana kuwasane Gusti Allah. Dimareni goli sambet angger selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh makhluk wajib bekti marang sing gawe urip sedawane isih ambekan, isih bisa nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting, anane berkah udan iki banjur dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men dalan banyu ora mampet.


Sumber : LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa  SMA kelas X Semester Gasal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar