Wejanganipun Sang Kapiwara dhumateng Arya Bimasena
Nalika Arya Bimasena ngupadosi sedherekipun
inggih Arjuna, dumugi ing Ardi Kendalisada pinanggih kaliyan sang Kapiwara
inggih Begawan Anoman, ingkang asmanipun ngebegi jagad awit saking
kasudiranipun nalika suwita sang Ramawijaya nglebur nagari Ngalengka,
kedhatonipun Prabu Dasamuka. Sasampunipun bage-binage, Aryasena lajeng pitaken,
tetembungipun :
Kakang Begawan Anoman kebeneran
banget ing laku anggonku nggoleki si Arjuna, dene kelantur kongsi tumeka ing
padhepokanmu kang tuhu asri ngresepake. Kataman bayu-bayuning padhepokan rasa
panggrantesing pikirku sirna babar pisan. Luwih-luwih bareng aku sumurup marang
kahananmu kang banget nengsemake. Sumeh lan sumunaring guwayamu, kakang mratandhani
kaluwihanmu. Aruming swaramu bisa nggugah atiku sing maune wus pepes tanpa
daya. Pancoronging netramu mimbuhi daya kekuwatanku satemah bisa nyirnakake
rasa sayah. Sawise aku sapatemon karu kowe kakang, saiki aku kelingan dedongengane
para sepuh nyaritakake lelabuhamu nalika kowe bebarengan karo Prabu Ramawijaya
anggempur nagara ngalengka lan nyirnakake kliliping bumi. Aku kelingan carita bab kasektenmu, awakmu
bisa dadi gedhe sagunung Mahameru. Carita kang kaya mangkono mau banget
andadekake pangungunku, banget kepengin ing atiku nedya nyumurupi dhewe.
Kakang, kebeneran banget dene dina iki aku antuk nugrahaning Dewa bisa
sapatemon karo kowe dhewe, mesthi bakal katurutan pangarep-arepku mau, yen
andadekake panujuning atiku. Kakang, mbok aku kok-critani kepriye dene kowe
bisa dadi gedhe sagunung Mahameru iku. Satemene bareng saiki aku sumurup dhewe
wujudmu kang gedhene iya ora kacek akeh karo wujude kethek-kethek lumrah. Mula
saya andadekake tindha-tindhaning pikirku anggonku arep ngandel marang
dedongengan kang wus dak-rungu mau. Ewa dene kakang banget-banget panjalukku,
aku coba tuduhna kepriye rekamu, kakang?
Dupi sang Kapiwara midhanget
aturipun sang Bimasena makaten wau, sang Begawan Anoman gumuyu latah kaliyan
mingset saking palenggahanipun, pangandikanipun :
Dhuh yayi kadangipun kakang. Dhuh
yayi kang sentosa baune, jejeg prakosa berawa pindha pangleburing bumi, mbok
wis aja kakehan kang mbok pikir ta yayi. Kabeh mau barang wus kapungkur, ora
ana paedahe dirasakake, tiwas andedawa gagasan. Sanadyan dak-kandhanana yayi,
kiraku ora bakal bisa sira percaya, malah kiraku ngerti bae ora, amarga wus
beda jamane. Dadi puluh-puluh dak-kandhanana, sira sayekti ora bakal bisa
nggagas kanthi permana jalaran wus beda banget larase. Sumurupa yayi, dhek
jamanku samana, keclaping cipta iku isih bisa bareng karo laraping kahanan,
mula apa bae saciptane dadi, amarga manungsa isih durung dadi bandhanganing
ciptane, uriping manungsa isih momor lan
Hyang Mahawasesa, mula ing sabarang kahanan iki karegeming dalem pangwasaning
manungsa wis kabanjur dadi bandhanganing ciptane, amung tansah montang-manting
kaereh dening ciptane, mula ora mokal lamun sabarang iya nora tumeka.
Sumber : Kabeh Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas
X
Tidak ada komentar:
Posting Komentar