Wayang Wong Prelu Magita-gita Cancut Taliwanda
Dening : Ki Sutadi
Dumadine seni ana ing kabudayan jawa
wus lumaku wiwit jaman kawuri nganti wekytu iki. Babagan seni pancen ora bisa
dipisahake karo kabudayan. Lumakune seni ana tengahing bebrayan mratandhani
luhur-asoring kabudayan. Dumadine seni kalebu ing kene sing wujud seni tari
dadi pratandha majuning kabudayan. Ngrembakane seni bisa dadi lambang
makartining cipta, rasa, lan karsa sing nglairake kaendahan.
Seni lan budaya sing diuri-uri lan
dilestarekake bisa dadi harta-kaya sing bisa ngluhurake kabudayan bangsa.
Aruming bangsa bisa kawujud saka ngrembakaning seni lan budaya, kalebu ing kene
seni sing rupa seni tari.
Wewaton sujarah sing wis lumaku,
seni sing kawengku ana ing budaya jawa tinemune akeh banget. Manawa ditelusuri nduweni
sumber saka kasusatran jawa sing cacahe ora sethithik.
Manawa di-investarisasi akeh banget
seni sing nduweni falsafah sing bisa dadi sumber wulangan kanggo mbangun
pribadhi lan watak utama. Adhedhasar andharane ibu Edi Sedyawati, seni tari
jawa akeh sing lair saka tradhisi ing karaton Surakarta lan Ngayogyakarta. Seni
tari sing rinipta dening raja-raja ing karaton Surakarta lan Ngayogyakarta akeh
banget.
Seni tari sing nduweni sumber saka
pewayangan ugi tinemu, jaiku kawiwitan saka wayang wong Sri Wedari lan wayang
wong Mangkunagaran. Snei tari sing lair ana karaton banjur mrambah lan mratah
tekan sanjabane karaton.
Sawise perang donya sepisan nganti
jaman kamardikan, akeh paguyuban sing ngleluri seni budaya jawa lumantar wayang
wong. Pentas wayang wong ora winates ana ing jawa tengah nanging mrambah tekan
jawa timur, lampung, lan liya-liyane. Kawitane saka pentas sawetara dina banjur
pindhah papan liyane, sing banjur sinebut wayang wong tobong.
Saliyane Sri Wedari, kacathet
paguyuban-paguyuban wayang wong sing banjur kawentar, yaiku : Ngesti Pandowo,
Cipto Kawedar, Sedyo Wandowo, Bhatara lan liya-liyane.
Anane wayang wong sing wus lumaku
udakara saabad suwene ana sing ilang utawa mati, nanging uga ana sing tetep
lestari tekan wektu iki. Dening paraga sing sinebut sutradara, pangarsa
produksi, utawa bintang panggung sing ana, wayang wong dibudidaya supaya tetep
lestari. Akeh banget kreasi utawa inovasi lumantar teknologi sing didayakake
ana pentas.
Kanggo nggayengake swasana yayasan
Sekar Budaya Nusantara nyoba lumebune artis lan selebritis ana ing pagelaran
wayang wong. Gegandhengan karo obahing jaman tinemu pepalang sing nggubel
wayang wong. Sepine penonton dadi pepalang uripe wayang wong. Film-film,
sinetron, infotainment, lan program-program tivi liyane bisa minggirake wayang
wong.
Wayang wong wektu iki kena diarani
lagi ngadhepi krisis sing nguwatirake. Supaya bisa tetep lestari ana alam
global wektu iki, wayang wong prelu antuk kawigaten dening pamarentah, para
nimpuna ing karaton, pakar sing ana ing institut seni, seniman, budayawan,
swasta, lan stake holders liyane.
Kabeh perangan sing caket lan raket
karo wayang wong prelu magita-gita cancut taliwanda ngadhepi prekara sing ana.
Sumber : Lembar Gladhen Siswa Nguri-uri
Basa Jawi SMP kelas VIII Semester Genap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar