Widya Tembung
Tembung yaiku rerangkening swara
kang kawedhar saka sajroning tutuk kang ngemu teges lan kasumurupan surasane.
Miturut wujude, tembung basa jawa dibedakake dadi papat yaiku :
1.
Tembung lingga
Tembung
lingga (kata dasar) yaiku tembung
kang isih wutuh kang durung entuk imbuhan apa-apa. Tembung lingga ana kang
dumadi saka sawanda, rong wanda, utawa telung wanda. Ing basa indonesia wanda
iku suku kata.
a.
Tembung lingga sawanda, kaya dene :
1)
Gong
2)
Pring
3)
Cet
4)
Tik
5)
Las
b.
Tembung lingga rong wanda, kaya dene :
1)
Pari
2)
Takon
3)
Wajan
4)
Amben
5)
Ngombe
c.
Tembung lingga telung wanda, kaya dene :
1)
Rekasa
2)
Kulina
3)
Kapiran
4)
Rumangsa
5)
Mustaka
2.
Tembung andhahan
Tembung
andhahan (kata jadian / kata berimbuhan )
yaiku tembung sing wis diowahi saka linggane amarga kawuwuhan imbuhan. Ing basa
jawa imbuhan utawa afiks iku ana
papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.
a.
Ater-ater
Ater-ater yaiku imbuhan kang
mapan ana ing ngareping tembung kang panulisane tansah gandheng karo tembung
linggane, tuladhane a-, ke-, ka-, pra-, pi-, lan sakpiturute.
b.
Seselan
Seselan utawa sisipan yaiku
imbuhan kang dununge ing tengah tembung. Seselan ing basa jawa cacahe ana
papat, yaiku –um, -in, -er, lan –el.
Tuladha :
1)
Udhun + (-um) = umudhun = mudhun
2)
Esem + (-um) = umesem = mesem
3)
Pinter + (-um) = puminter = kuminter
c.
Panambang
Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing mapan
ing buri tembung. Panulisane kudu gandheng karo tembunge, kaya ta –a, -ta, -e,
-en, -na, -ana, -ake, -ane, lan sakpiturute.
Tuladha :
1)
Lara + -i = larani
2)
Jiwit + -i = jiwiti
d.
Imbuhan bebarengan
Imbuhan bebarengan yaiku
imbuhan kang awujud ater-ater (prefiks)
lan panambang (sufiks) kang kawuwuhan
ing tembung lingga kanthi bebarengan.
Tuladha
:
1)
Ka- + bledhos + -an = kabledhosan
2)
Ke- + cilik + -en = keciliken
3)
Pang- + giling+ -an = panggilingan
3.
Tembung rangkep
Tembung
rangkep utawa reduplikasi cacahe ana
telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana.
Tuladha
:
a.
Dwipurwa : bebungah, lelara, gegaman, lan
sakpiturute.
b.
Dwilingga : gedhe-gedhe, celuk-celuk,
abang-abang, lan sakpiturute.
c.
Dwiwasana : cengenges, cethuthur, cekakak, lan
sakpiturute.
4.
Tembung camboran
Tembung
camboran utawa kata majemuk yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng
dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar.
Tuladha
:
a.
Camboran wutuh : dhadha menthok, wedhak pupur,
raja lele, lan sakpiturute.
b.
Camboran tugel : nak sanak (saka tembung anak +
sanak), lunglit (saka tembung balung + kulit ), dubang (saka tembung idu +
abang ), lan sakpiturute.
Sumber : LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA kelas X Semester Gasal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar