Ndhudhuk
Ndhudhah amrih Lestarine Budaya Jawa ing Bab Adat Tata Cara Pengantenan
Dening
: A. K. Jaelani
Salah sijine adat tata cara
pengantenan, yaiku siraman calon penganten. Sakdurunge acara siraman calon
penganten putri, sedina sakdurunge, sing duwe gawe wis gawe utusan paraga golek
banyu sumber pitu. Sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa
sumur, dadi ora banyu kali.
Sakwise calon penganten putri
dibusanani busana siraman, rambute diore, kanthi mijil saka kamar busana,
sungkem caos bekti luwih dhisik marang para sepuh piniji (putri) kang lenggahe
wis ditata sakdurunge, jejer-jejer, urutan sing keri dhewe lenggahe ibu lan
ramane calon penganten putri. Sakwise sungkem pangabekti, calon penganten putri
tumuli kanthi dening rama lan ibune manjing papan pasiraman. Calon penganten
putri dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake. Rama lan ibune banjur
nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji, sabanjure banyu sumber pitu
kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman. Sakwise banyu dicampur,
dhukun penganten ngadani para sepuh putri kang piniji mbaka siji nyirami calon
penganten, pungkasane rama lan ibune. Rampung siraman nuli nindakake acara
pecah pamor. Carane, kendhi pratala sing isi banyu, banyune dicurake dening
ramane kanggo wudhu tumrap calon penganten putri sing muslim, dene saliyane cukup
kanggo raup nganti banyune entek. Yen kendhi wis kothong banjur dicekel bareng
dening rama lan ibune, kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap : “ aku
ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku”. Sakwise kendhi pecah, calon
penganten putri banjur diandhuki lan dibopong lumebu kamar busana dening rama
lan ibune, pepindhane kaya gendhong kanthi kebak rasa tresna asih.
Kapethik saka :Penjebar Semangat, Maret
2005 (LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA
kelas X Semester Gasal)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar