Jumat, 08 Januari 2016

Artikel


Upacara Labuh Tandur Dhusun Padasan

            Sanak kadang acara tani ing dhusun Padasan, desa Pakem Binangunan, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman, ngadani satunggaling upacara saderengipun miwiti tanem pantun. Nanem pantun boten namung satunggaling kridha ingkang dipunlampahi saben mangsa tanem. Kangge miwiti mangsa tanem, kadang tani nglampahi maneka cawisan, antawisipun ngluku, ngarit, sarta ngadani upacara wilujengan labuh tandur.
            Wilujengan labuh tandur, mujudaken satunggaling upacara kangge miwiti tanem pantun, ngiras kangge nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti ingkang Hakarya jagat, supados kridhaning olah tetanen rancag, kalis saking paneraking ama, lan kasil panenipun maremaken. Upacara labuh tandur ingkang sampun awis-awis dipunlampahi dening kadang tani, samangke wiwit dipungrengsengaken malih, mliginipun para kadang tani ing wewengkon Ngayogyakarta.
            Lampahing upacara ugi dipunjumbuhaken kaliyan lampah adat saben wewengkon. Dene tata cara lan ubarampe ingkang dipuncawisaken boten kados ingkang dipunlampahi dening sesepuh ing jaman kawuri, namung dipunpendhet baku kemawon. Saderengipun upacara kawiwitan, kadang tani nyawisaken ubarampe, sekul tumpeng, ingkung, lan tumbasan peken. Dene tumrap kadang tani ing dhusun Padasan, kawimbuhan ubarampe mligi, inggih punika jenang sumsum. Jenang sumsum mengku werdi kangge mulihaken otot bebayu kadang tani sesampunipun mangsa panen, supados samekta olah tetanen malih.
            Salebeting upacara kasebut, ugi dipuncawisaken ubarampe piranti olah tetanen, ingkang nggambaraken manunggalipun manungsa kaliyan alam, sarta pralambang takwa dhumateng Gusti ingkang Hakrya jagat. Sedaya ubarampe wau lajeng dipunkirab tumuju sabin, kangge mbiwarakaken lampahing upacara labuh tandur. Sadumuginipun dhateng sabin, sedaya ubarampe dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, dene sekawan pincuk jenang sumsum dipunpapanaken dhateng pojokan sabin, minangka tolak bala.


Sumber : LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa  SMA kelas X Semester Gasal       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar