SRI RAMA
Sri Rama iku putrane Prabu Dasarata
ratu ing Ayodya, patutan karo Dewi Raghu hiya Dewi Sukasalya. Sadurunge kagarwa
Prabu Dasarata, Dewi Sukasalya iku garwane Begawan Rawatmeja, nanging sang
Begawan disedani Prabu Dasamuka. Sadurunge seda sang Begawan weling marang
garwane supaya nyuwun pangayoman marang Prabu Dasarata. Sawise kagarwa Prabu
Dasarata, Dewi Sukasalya kagungan putra asma Raden Raghawa utawa Sri Rama.
Padha-padha putrane Prabu Dasarata
Sri Rama pinunjul dhewe, kejaba lantip panggrahitane uga wasis lan titis ulah
jemparing.
Kacarita ana sawijining resi darah
gandhi, pandhita trahing satriya asmane Begawan Wismamitra. Pratapane sang
Begawan kerep diobrak-abrik dening wadyabala raseksa. Sang Begawan sowan marang
Prabu Dasarata nyuwun supaya Sri Rama dikeparengake dedunung ing alas minangka
kanggo pengayomaning para pandhita.
Ing
sakawit sang Prabu Kawratan, ananging kagawa saka pangangsege sang Begawan
Wismamitra, sang Prabu marengake, sanajan kanthi rasa abot. Laksamana, rayine
Sri Rama, awit saka banget tresnane banjur ndherek kang raka manjing wana
(mlebu alas). Tindake satriya lelorone entuk pangestune Prabu Dasarata, para
ibu, sarta diberkahi para pandhita. Sri Rama lan laksmana ngasta jemparing
pamungkas aran Sangharaja.
Ing padhepokane Resmi Wismamitra,
satriya sakloron sinugata sawernane woh-wohan lan pala kependhem. Sang Resi
tresna marang Rama lan Laksmana, nuli kaparingan jemparing sekti lan aji-aji
jaya kawijayan.
Nalika satriya sakloron lagi
kesengsem ameng-ameng sajroning alas kang asri banget, ora weruh sangkane
bilahi, Raja Putra sakloron pirsa raseksi kang banget nggerisis, aran Thataka.
Thataka kuwi raseksi wadyabalane Prabu Dasamuka. Kasenengane gawe pepati.
Sri
Rama prayitna, sigra menthang gendhewa pinasangan jemparing sangharaja sing
ampuhe kagila-gila, dienerake Thataka. Mung sekedhep netra, mak thel, jemparing
ngenani janggane Thataka. Raseksi iku ambruk ing bantala banjur mati sanalika.
Patine Thataka gawe suka gumbiraning
sang Resi sarta sakabehing warganing alas.
Manuk-manuk
kang maune padha meneng ndhepipis keweden, bareng Thataka mati banjur padha
wani metu lan ngoceh maneh. Singa, macan kang maune padha kaliren amarga ora
wani golek mangsan, saiki padha bruwah angah-angah, mangsa kidang
sapirang-pirang. Suket, gegodhongan, lan tetuwuhan liyane, kang maune padha
mendep-mendep kaya arep mati, saiki subur gembruyung, godhonge ledung-ledung,
banjur padha ngewoh. Pertapan wis tentrem. Satriya sakloron binerkahan,
winijikan banyu kembang.
Ora
panthara suwe langit saundhuwuwre pratapan katon peteng. Nalika tumengan ing
angkasa, Rama Lan Laksamana pirsa ana reseksa sapirang-pirang ngebaki gegana.
Laksmana menthang gendhewa kang wus pinasanangan jemparing Argacandra nuli
diincerake marang para raseksa ing angkasa. Semono uga Sri Rama menthang
gendhewa kang uga pinasangan jemparing kang ampuhe tanpa tandhing. Ya jalaran
jemparing satriya loro mau, para raseksa kang pating grandhul ing awang-awang
mau padha sanalika tiba jebrabah nibani bantala, kaya ngoregake jagat. Endhas
lan gembunge padha pisah dhewe-dhewe. Endhas-endhas mau pating glundhung, kaya
rahu (rahu iku jenenge raseksa tanpa gembung kang gawene nguntal kang srengenge
lan rembulan nalikane grahana). Saya kasok tresnane para Brahmana marang Sri
Rama lan rayine.
Ana
pawarta yen ing negara manthili nganakake sayembara. Saksapaa kang kuwat
menthang gendhewa pusaka manthili bakal kadhaupake kalawan Dewi Sinta,
putra-putrine Prabu Janaka ratu ing negara manthili. Sri Rama kadhawuhan
ngleboni sayembara mau.
Akeh
raja mudha lan satriya kang padha ngleboni sayembara, nanging siji wae ora kang
kuwagang menthang gendhewa mau. Apa maneh kok menthang lagi ngangkat wae ora
ana kang kuwat.
Katungka
praptane Sri Rama ing pepanggungan. Prabu Janaka, narendra ing manthili, apa
dene Dewi Sinta, kedhep tesmak anggone maspadakake. Kabeh padha meneng megeng
napas ngulatake satindake Sri Rama kang munggah ing pepanggungan. Alon-alon Sri
Rama ngangkat gendhewa pusaka, dipenthang nganti dadi lan tugele. Tugele
gendhewa nuwuhake swara gumuruh nggetereke ati. Disusul surak mawruhan ambata
rubuh dening kabeh kang rawuh.
Sri Rama
wenang ngukup sayembara, klakon anggarwa putri manthili ya Dewi Sinta.
Sumber :Penjebar Semangat, 18 Pebruari 2006
(Lembar Gladhen Siswa Nguri-uri Basa Jawi
SMP kelas VIII Semester Genap)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar