Sultan Agung Anyakrakusuma
Ing wayah esuk, alun-alun Mataram
katon regeng. Para priyayi padha ndlidir tekane, jalaran ing sitinggil arep ana
pasowanan agung.
Wiwit sedane sang Nata ing Krapyak,
iya lagi dina kuwi kutha Mataram katon reja maneh. Wis sawatara suwe para
kawula anggone padha prihatin, luwih-luwih para santana dalem.
Sawise pasowanan pepak, Adipati Mandaraka miyos ing
sitinggil nganthi putra dalem kang nandhang lara owah, paparab Raden Mas
Martapura. Solah tingkahe katon berag. Raden Mas Martapura nuli diaturi lenggah
ing dhampar keprabon. Para nayaka bupati padha cingak, nanging ora ana sing
wani cemuwit. Ora antara suwe Adipati Mandaraka mbisiki, “Angger Wayah Prabu
saka welinge swargi ramamu, yen wis lenggah dhampar iki enggal jengkara....”
Prabu Martapura iya manut, jengkar
nuli ngedhaton didherekake para parekan. Raden Mas Rangsang kang uga marak ing
sitinggil banjur diaturi lenggah ing dhampar. Pangeran Purbaya jumeneng ing
sisihe, ngendika: “para santana dalah nayaka bupati kabeh. Padha sekseanana,
yen Raden Mas Rangsang dina iki jumeneng nata, nggenteni ingkang Rama swargi,
ajejuluk Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman. Sapa
wong Mataram kang ora sarujuk, padha enggal matura. Aku sing bakal mangsuli.
“sakabehe kang andher ing sitinggil padha jumurung, banjur bebarengan nyembah
marang sang prabu.
Sultan Agung kepara kukuh anggone
ngasta pusaraning praja. Sakabehe paugeran sarta angger-anggering praja ora
kena kalangkahan dening sapa bae. Sing wani nerak wewaler mesthi kapatrapan
paukuman. Nanging sang Nata iya adil. Kabeh para kawula kudu nyambut gawe manut
kabisane dhewe-dhewe. Luwih-luwih para kawula tani, tansah dipredi supaya wekel
lan taberi nyambut gawe. Alas-alas padha dibabadi, didadekake pasawahan lan
pategalan. Para nonoman kang dhasare kendel padha diadekake prajurit. Wadyabala
Mataram pancen saya wuwuh cacahe, dene para manggalane racak padha digdaya
kabeh.
Adipati Mandaraka sing menangi ratu
nganti kaping telu, putrane kabeh ana papat, yaiku Pangeran Mandura, Adipati
Wirapraba, Adipati Jurukithing, lan ragile putri, kagarwa dening Adipati
Batang. Pangeran Mandura peputra loro, yaiku Pangeran Mandureja lan Pangeran
Upasanta.
Adipati Mandaraka sawise nandhang
gerah sepuh nuli seda. Sultan Agung prihatin banget, rumangsa ditinggal eyange
kang sarwa prigel ngembat saliring reh kaprajan. Luwih-luwih yen ngelingi
lelabetane, wiwit anggone mbiyantu eyang buyute, yaiku Ki Ageng Pemanahan,
nganti adege Mataram.
Sultan Agung pancen rumangsa yen
nampa warisan negara gedhe. Mula kudu tansah dijaga, supaya aja nganti katerak
ing bebaya, sarta aja nganti ana kraman kang njalari rerusuh. Kanggo njaga
katentremaning praja, luwih-luwih ing laladan pesisir, Sultan Agung kagungan
gegayuhan nggelar wewengkon. Kabupaten-kabupaten ing bang wetan kang durung
kabawah Mataram nedya ditelukake.
Sultan Agung nimbali Tumenggung
Suratani, yakuwi sawijining manggala Mataram kang misuwur digdaya tur wasis
nata barisan. “suratani”, dhawuh pangandikane Sultan, “sira dakdhawuhi nindhihi
barisan, nglurug menyang bang wetan. Tatanen wadyabala Mataram sagegamane
kabeh”.
Sultan Agung iya dhawuh marang
Tumenggung Alap-alap supaya mbiyantu Tumenggung Suratani. Tumenggung Alap-alap
mono sawijining agul-agul Mataram kang uga pinter marang tata rakite perang.
Wadyabala Mataram akeh banget cacahe.
Prajurit-prajurit saka kadipaten-kadipaten pesisir sing wis kereh Mataram uga
padha mbiyantu. Mula cacahe prasasat tanpa wilangan. Sadurunge budhal saben
dina tansah gladhen ulah kridhaning perang ing alun-alun.
Ing wayah esuk, srengenge lagi bae
mlethek, bala Mataram budhal. Barisan sing mucuki padha nunggang jaran, perlu
golek dalan. Barisan sing laku dharat padha mandhi tumbak utawa canggah.
Tamenge pating krelap. Lakune padha katon giyak. Barisan sing ana mburi dhewe,
sabregada kehe, padha mikut pasedhiyan pangan lan gegaman. Lakune gegancangan
mangetan.
Kapethik saka : Babad Tanah Jawa Jilid II (Kabeh
Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas X)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar