Purwakanthi
Purwakanthi
tegese aksaara swara utawa tetmbungan sing padha ing sajroning ukara (ing basa indonesia diarani sajak / persamaan bunyi ). Purwakanthi
kaperang dadi telu, yaiku :
1.
Purwakanti guru swara.
Purwakanthi
guru swara yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha
:
a.
Sapa jujur bakal makmur.
b.
Aja dahwen, ati open.
c.
Tiwas sayah ora paedah.
2.
Purwakanthi guru sastra.
Purwakanthi
guru sastra yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha
:
a.
Makuta makuti makuten.
b.
Titi, titis, tatas, lan trengginas.
c.
Kula kelas kalih.
3.
Purwakanthi lumaksita.
Purwakanthi
lumaksita (guru basa) yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha
:
a.
Rujak dhondhong, rujake sisane kalong.
b.
Raja putra, putra daleme ngastina.
c.
Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
Sumber : LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA kelas X Semester Gasal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar