Wayang
Kancil ing Eropa Dadi Primadhona
Dilalekake ing negarane dhewe,
wayang kancil kang diripta dening Ki Ledjar Soebroto malah dadi primadhona ing
Eropa. Ing wulan mei tekan juli wingi, Ki Ledjar Soebroto keliling Eropa kanggo
nggelar lan ngenalake wayang kancil marang masyarakat kana. “kadhang aku malah
bingung kena apa sing ngregani wayang kancil iku masyarakat Eropa, dudu bangsa
indonesia”, mangkono critane Pak Ledjar sadurunge menyang Eropa.
Durung suwe iki, Ki Ledjar Soebroto
bebarengan karo putune Ananta Wicaksono ngadani tour ing Inggris lan Walanda
saperlu nggelar wayang kancil. Uga, wayang-wayang kancil anggitane Mbah Ledjar
dipamerake ing Stichting Atrium Balaikota Den Haag. Ing kutha iku Mbah Ledjar
pancen diundang khusus dening Walikota Den Haag kanggo pameran ing kana.
Ora mung kuwi, tilas asisten dhalang
kondhang swargi Ki Narto Sabdo iki uga dijaluk gawe wayang manuk bango. Manuk bango
pancen dadi identitas kutha Denhaag. Dadi manuk iku minangka ikon kutha Den
Haag. “wayang manuk bango tak serahake nalika pembukaan pameran ana ing Atrium
Balaikota Den Haag”, mangkono critane ngenani acara mirunggan ana ing kutha Den
Haag.
Sadurunge Mbah Ledjar uga ketiban
sampur kanggo crita ngenani proses kreatif anggone gawe wayang kancil ana ing
seminar kang diadani Bank Wayang Project Foundation, Belanda. Kalebu dijaluki
panemu bab maneka wayang kang sumimpen ana ing museum-museum ing Eropa. Kegiyatan
liya ana ing Eropa yaiku ngadani workshop wayang ing Den Haag. Lan uga tampil
ana pagelaran wayang kancil ing Festival Tong Tong kang digelar ing kutha Den
Haag, Belanda.
Sawise iku Mbah Ledjar uga kudu
menyang Inggris merga diundang kanggo ngregengake Beferlly Puppet Festival kang
diadani ing kutha Beferlly. Ing negarane Ratu Elisabeth iki, Mbah Ledjar uga
nggelar wayang kancil. Wayang kang maune digawe kanggo ngraketake bocah-bocah
karo wayang.
Ing Inggris, piyayi kelairan 20 mei
1938 iki uga kajibah menehi workshop ngenani wayang kancil ing British Museum. Sawijining
museum gedhe ing kutha London, Inggris. Lan undangan kanggo workshop lan
nggelar wayang kancil uga saka Museum Horniman. Mbah Ledjar ing kegiyatan tour
menyang Eropa iki nggawa wayang kewan 90 kang dikenal wayang kancil iku.
Awale saka prihatin
Ki Ledjar Soebroto uga crita menawa
dheweke gawe wayang kancil awale saka rasa prihatine merga bocah-bocah saiki
wis padha ora kenal karo wayang. Kanggo ngenalake wayang marang bocah-bocah,
dheweke nyoba gawe wayang kancil. Iki merga crita kancil banget dikenal
masyarakat kita. “ wiwit cilik bocah-bocah wis dikenalake dening crita kancil,
ya saka iku banjur coba tak gawe wayang kewan critane ngenani kancil. Sapa ngerti
saka iku bocah-bocah banjur bali seneng karo wayang maneh”, mangkono panambahe Mbah
Ledjar.
Pranyata wayang kancil kang digarap Mbah
Ledjar iki malah narik kawigatene para pandhemen wayang saka Eropa. Salah sijine
yaiku Rienbardman. Pandhemen wayang kang uga asring dadi dhalang iki rumangsa tertarik
merga Pak Ledjar gawe wayang fabel, wayang kanthi crita kewan. Ing Belanda
crita ngenani kancil asring kanggo bahan dongengan para wong tuwa ing negara
iku. “apamaneh Pak Rienbardman iku uga tau nyinau wayang purwa ing Kasunanan
Surakarta lan Pura Mangkunegaran, engga bab wayang purwa dheweke bisa
dikandhakake pana”, panambahe Mbah Ledjar kang wektu iku ditemoni PS ing daleme
ing Jl. Mataram DN I/198 Yogyakarta.
Kreativitase Mbah Ledjar sabenere
ora mung wayang kancil. Taun 1987 piyambake uga tau gawe wayang Sultan Agung. Wayang
kang critane ngenani kiprahe Sultan Agung nalika nyoba ngusir penjajah Walanda
kang dipimpin Jan Pieter Zoon Coen. Taun 2002 gawe wayang samurai kanggo
kaperluan pentas dhalang asal Jepang Ryoh Matsumoto. Taun 2004 gawe wayang Jaka
Tarub kanggo pergelaran kolaborasi wayang kulit lan ketoprak. Iku kiprahe Mbah
Ledjar kang arepa yuswa sepuh isih tetep semangat kanggo ngenalake wayang
marang masyarakat ndonya.
Sumber : Panjebar Semangat No.
34-23 Agustus 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar