Ukara
Ukara yaiku rerangkening tembung
kang bisa ngudharake sawijining karep ganep sabab. Ukara duweni titikan kaya
ing ngisor iki :
1.
Bisa madeg dhewe
2.
Saora-orane dumadi saka saklausa (satu klausa) yaiku jejer siji lan wasesa
siji
3.
Ing basa tulis latin wiwitan ukara nganggo
aksara murda lan pungkasane nganggo tandha koma, titik, titik koma, tandha
seru, sarta tandha pitakon.
4.
Ana lagune pocapan (intonasi)
Tuladha
ukara :
1.
Aku sinau, adhiku malah dolan.
J
W J W
2.
Andi mangan bakso
J
W L
1.
Jejer
Jejer
utawa subyek yaiku perangan kang dadi bakuning ukara, utawa perangan kang dadi
lelajere ukara. Manut pranataning ukara, jejer iku akeh-akehe / lumrahe
dumunung ing ngarep, nanging uga ana kang dumunung ing tengah utawa pungkasaning
ukara. Jejer ora bisa kadhisik tembung ancer-ancer.
a.
Jejer awujud tembung aran utawa frasa aran.
Ukara kang jejere awujud
tembung aran utawa frasa aran katon kaya ing ngisor iki.
1)
Bapak
tindak.
2)
Sega
gudheg murah regane.
b.
Jejer awujud teembung kriya utawa frasa kriya.
Ukara kang jejere awujud
tembung kriya katon kaya ing ngisor iki.
1)
Mangan iku
becik kanggo awak.
2)
Ngrokok iku
ora becik tumrap kasarasan.
c.
Jejer awujud tembung kaanan utawa frasa kaanan.
Ukara kang jejere awujud
tembung kaananutawa frasa kaanan katon kaya ing ngisor iki.
1)
Rukun agawe
santosa.
2)
Crah
iku
nggawe bubrah.
d.
Jejer awujud tembung wilangan utawa frasa
wilangan.
Ukara kang jejere awujud
tembung wilangan utawa frasa wilangan bisa dipriksani kaya ing ngisor iki.
1)
Pitu kalebu
wilangan ganjil.
2)
Sewindu iku
wolung taun.
e.
Jejer awujud tembung sesulih purusa utawa frasa
sesulih purusa.
Ukara kang jejere awujud
tembung sesulih purusa utawa frasa sesulih purusa katon kaya ing ngisor iki.
1)
Dheweke lagi
arep gawe makalah.
2)
Kowe
kuwi
arep gawe apa, ta?
2.
Wasesa
Wasesa
utawa predikat yaiku perangan kang dadi inti utawa kang dadi punjering ukara.
Ukara tanpa wasesa ora bisa sinebut ukara, nanging sinebut frasa. Miturut
pranataning ukara, wasesa dumunung ing sawise jejer. Ing basa jawa tembung
kriya lan frasa kriya, tembung kaanan, tembung aran lan frasa aran, tembung
wilangan lan frasa wilangan, sarta frasa ancer-ancer bisa ngisi kothak kosong
wasesa. Dadi, kang bisa ngisi wasesa iku ora mung tembung-tembung liyane uga
kang ana bisa dadi wasesa.
a.
Wasesa awujud tembung kriya utawa frasa kriya.
Ukara kang wasesane awujud
tembung kriya utawa frasa kriya katon kaya ing ngisor iki.
1)
Dheweke mesem
2)
Aku adus
kringet
b.
Wasesa awujud tembung kaanan utawa frasa kaanan.
Ukara kang wasesane awujud
tembung kaanan utawa frasa kaanan tuladhane kaya ing ngisor iki.
1)
Bocah kuwi pinter
2)
Bapakke gedhe
dhuwur
c.
Wasesa awujud tembung aran utawa frasa aran.
Ukara kang wasesane awujud
tembung aran utawa frasa aran katon kaya ing ngisor iki.
1)
Anoman iku kethek
2)
Ibumu dadi guru
d.
Wasesa awujud tembung wilangan utawa frasa
wilangan.
Ukara kang wasesane awujud
tembung wilangan utawa frasa wilangan katon kaya ing ngisor iki.
1)
Dhuwitku limangatus
2)
Aku duwe pitik sepuluh
e.
Wasesa awujud frasa ancer-ancer.
Ukara kang wasesane awujud
frasa ancer-ancer bisa dipriksani kaya tuladha ing ngisor iki.
1)
Pak teguh saka Banyumas
2)
Tina ing jero kamar
3.
Lesan
Lesan
utawa objek iku bakal ana yen ukarane awujud ukara tanduk (kalimat aktif).
Ukara tanggap (kalimat pasif) ora duwe lesan. Lesan iku perangan kang gumantung
marang wasesane ukara.
Tandha-tandha
lesan liyane yaiku dumunung satengene utawa sawurine wasesa kang awujud
amcer-ancer, lan antarane wasesa lan lesan ora kena kaseselan utawa sinela
fungsi liya.
a.
Bapak ngumbah sarung
b.
Luwak mangan kopi
Yen
diganti dadi ukara tanggap :
a.
Sarung dikumbah bapak
b.
Kopi dipangan luwak
Sumber : LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA kelas X Semester Gasal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar