Nonton Festival Bentara Upacara Adat 2013 : Kanggo
Regenerasi Pelaku Upacara Adat
Bregada Prajurit Bathok Bolu saka
Purwamartani, Kecamatan Kalasan, Kabupaten Sleman (DIY) mujudake perangan saka
tumapake upacara adat sing didakekake sarana muji syukur merti desa sing
ditindakake saben taun ing tanggal 10 sura. Napak tilas petilasane Ratu Arya
Wijaya Kusuma nguwasani Karaton Bathok Bolu Alas Ketonggo.
Ning upacara adat Bathok Bulu Sabiranto dumadi saka
Bregada Prajurit Bathok Bolu kang nganggo topi sing digawe saka deling, kendhi,
bebarengan karo warga desa nggawa ubarampe tumpeng iku, mujudake pagelaran saka
kontingen Purwomartani ing adicara Festival Bentara Upacara Adat 2013 kang
diadani dening Dinas Kebudayaan DIY ing alun-alun Kraton Ngayogyakarta, dina
minggu 23 juni 2013 kepungkur.
Festival Bentara Upacara Adat 2013
iki dieloni dening 10 kontingen perwakilan saka Kabupaten Sleman, Kabupaten
Bantul, Kabupaten Kulon Progo, lan Pemkot Yogyakarta. Kabupaten Sleman nggelar
upacara adat Bathok Bolu Sambiroto lan upacara adat Mbah Bregas saka masyarakat Ngino, Kalurahan Margoagung, Kecamatan
Seyegan.
“Mbah Bregas mujudake upacara adat
kang mekar wiwit jaman wali sanga. Nganti tekan saiki terus dilestarekake
dening masyarakat Ngino,” kandhane Jarwo SR, salah sijine paraga kang ajeg melu
nguri-uri upacara adat Mbah Bregas. Upacara Mbah Bregas ditindakake dening
masyarakat Ngino minangka sarana mengeti lelabuhane Mbah Bregas sing miturut
crita mujudake prajurit saka Majapahit sing dadi cikal bakale Masyarakat
Margoagung.
Miturut Jarwo, Mbah Bregas kang
nampa wejangan saka Sunan Kalijaga banjur mulang-mulangake marang masyarakat Margoagung,
saengga papan kono tansah katon ayem-ayem lan tentrem nir ing sambekala.
“upacara adat Mbah Bregas iki
ditindakake sabakdane panen ing sasi mei utawa juni. Upacara iku kudu diadani
malem jemuwah kliwon miturut kalender jawa,” ujare Jarwo.
Kontingen liyane ana sing nyuguhake
upacara adat Jumedhuling Maesasura saka
masyarakat Srigading, Kecamatan Sanden, Kabupaten Bantul, lan Dhekahan Gedehe Payak Srimulyo,
kecamatan Piyungan, Bantul. Kabupaten Kulon Progo ngetoni upacara adat Daruno Daruni saka Bugel, Kecamatan
Panjatan, lan upacara Bersih Desa Rejeban
saka Jatimulyo Kecamatan Girimulyo.
Upacara Rasulan Bobung saka Putat, Kecamatan Pathuk, lan upacara adat
Rasulan saka Kepek, Wonosari, Gunungkidul. Dene Pemkot Yogyakarta ngetoni
upacara Merti Golong Gilig Dipowinatan
Mergangsan lan Bakda Kupat pandeyan, saka
Kecamatan Umbulharjo.
Gubernur Daerah Istemewa Yogyakarta
(DIY), Sri Sultan Hamengkubuwono X, jroning sesorah sing diwaosake dening
Kepala Dinas Kebudayaan DIY, GBPH Drs. H. Yudhaningrat mratelakake, yen
Festival Bentara Upacara Adat 2013 iki mujudake salah sijine kupiya kanggo
nglestarekake jatidhiri ketahanan
budaya lokal ing DIY. Kegiyatan iki bisa menehi fasilitas marang para pelaku
upacara adat ing wewengkon DIY kang diajab bisa dadi sarana kanggo
ngrengsengake lan nepungake ritual upacara adat saka dhaerahe dhewe-dhewe.
Kejaba iku uga kanggo nganakake regenerasi
tumrap pelaku upacara adat, murih tetep lestari lan bisa tansah lumaku
kanthi becik.
“upacara adat sing digelar kanthi
gedhen-gedhen iku aja mung mandheg dadi tontonan pawai wae, nanging sing luwih
wigati kita kudu bisa methik lan nyinau nilai-nilai kearifan lokal lan filosofi
kang kinandhut inga adicara kasebut. Mula kang saka iku, festival iki kudhu
dibesut kanthi becik murih bisa narik kawigaten, luwih kepenak dirasakake,
sarta gampang ditampa dening sadhengah pawongan, saengga bisa dadi maskot lan
daya tarik wisata. Kejaba kuwi sing ora kalah wigati yaiku ruh keistimewaan
Yogyakarta bisa sangsaya dirasakake lan nggawa manfaat tumrap pembentukan
manusia kang hambudaya utawa berbudaya”, mengkono pangajabe Sri Sultan.
Sumber : Jaya Baya Minggu I Juli 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar