Unggah-ungguh Basa
Unggah-ungguh basa kaperang dadi
loro, yaiku ngoko lan krama. Basa ngoko kaperang maneh dadi loro, yaiku ngoko
lugu lan ngoko alus, dene basa krama uga kaperang dadi krama lugu lan krama
alus.
a.
Ngoko lugu, yaiku minangka tataran basa kang
paling asor ing undha usuk basa jawa. Wujude tembung ngoko, ora ana tembung
krama utawa krama inggil tumrap eong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman
antarane :
1.
Wong tuwa marang bocah enom
2.
Wong kang sadrajat utawa wis raket sesrwaungane
3.
Wong apangkat dhuwur marang andhahane
4.
Bocah cilik karo kancane
5.
Ngunandika (ngomong dhewe)
Tuladha :
1.
Gawea undhangan rapat pengurus osis kanggo
ngrembug kegiyatan iki!
2.
Lombane dianakake dina senin lan selasa.
3.
Dul, barang paketane ndang kirimen ing kantor
pos!
4.
Proposale wis digawe, Rin?
5.
Panas-panas ngene iki enake mangan rujak.
b.
Ngoko alus, yaiku basa ngoko kang luwih ngajeni marang
wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur krama inggil tumrap
wong kang diajak guneman.
Panganggone basa ngoko alus iku
kanggo guneman antarane :
1.
Wong tuwa marang wong enom kang diajeni
2.
Wong wadon marang kakunge
3.
Priyayi marang priyayi kang wis tepung raket
4.
Ngomongake wong liya kang diajeni
Tuladha :
a.
Yen njenengan tindak aku arep titip.
b.
Mas, aja lali tase diasta.
c.
Njenengan mirsani wayangan apa ora?
d.
Biyasane pak budi sing ngasta kunci gudhang.
c.
Krama lugu, krama inggil.
Gunane kanggo guneman antarane
:
1.
Wong padesan marang wong liya kang dianggep
luwih tuwa utawa kinurmatan
2.
Priyayi padha priyayi sing wis kulina
3.
Priyayi marang sanakke tuwa kang luwih asor
Tuladha :
a.
Sampeyan menawi ajeng kesah negnjing mawon.
b.
Kula tumbas jeruk kalih kilo.
c.
Lik, niki sampeyan beta wangsul.
d.
Krama alus, yaiku basa kang migunakake
tetembungan krama lan krama inggil. Krama alus dienggo guneman marang :
1.
Sapa wae sing diajeni
2.
Wong kang luwih tuwa utawa dhuwur pangkate
3.
Wong kang durung tepung
Tuladha :
a.
Konduripun pak jono nitih taksi.
b.
Panjenengan kula aturi lenggah rumiyin.
c.
Nuwun sewu panjenengan badhe kepanggih sinten?
Sumber : Lembar Gladhen Siswa Nguri-uri
Basa Jawi SMP kelas VIII Semester Genap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar