Selasa, 12 Januari 2016

Makalah Analisis Ceita Ketoprak





Ing jaman sakmenika donya sastra sansaya ngrembaka. Utamanipun ing kalangan tiyang enem ingkang remen sanget dhateng donya sastra. Ingkang dipunwastani sastra inggih menika karya seni ingkang dipunkarang miturut standar basa kesusastraan. Miturut Usman Effendi, kesusastraan utawi sastra inggih menika ciptaan manungsa ingkang wujudipun lisan utawi tulisan ingkang awujud karya sastra. Sastra lisan ngandut nilai utawi ide, amanat, gagasan sarta nilai ingkang saged dipuntampi lan dipunnikmati dening masarakat kathah. Sastra lisan menika gegayutan langsung kaliyan masarakat ingkang tuwuh lan ngrembaka wonten tengahing masarakat lan dipunwarisaken turun temurun kanthi lisan minangka gegadhahan sesarengan. Pramila sastra lisan menika kekayaan budaya mliginipun kekayaan sastra lan minangka model apresiasi lan pemahaman gagasan adhedhasar tradisi sadangunipun pinten-pinten abad.
Wujudipun karya sastra lisan inggih menika maneka warna. Salah sawijining karya sastra lisan ingkang taksih ngrembaka ngantos sakmenika inggih menika ketoprak. Ketoprak inggih menika drama tradisional ingkang dipunperagakaken dening sekelompok seni lan dipunpentasaken wonten ing sawijining panggung kanthi mundhut cariyos saking sejarah, cerita panji, dongeng lan sanes-sanesipun kanthi dipunselani lawak. Ketoprak wiwit wonten taun 1922 nalika mangsa Mangkunegaraan. Kesenian menika dipuniringi dening gamelan. Ciri khas saking ketoprak inggih menika ngangge basa jawi nalika wicantenan wonten ing panggung. Wiwitanipun ketoprak menika namung kangge hiburan dhateng masarakat ingkang dipunciptakaken dening salah sawijining pawongan wonten ing kerajaan. Ananging amergi kathah masarakat ingkang remen, ketoprak saged ngrembaka ngantos sakmenika lan dados tontonan masarakat ingkang remen sanget dhateng kesenian tradisional.
Adhedhasar paparan wonten ing nginggil, panulis badhe nerapaken cariyos ketoprak ngangge teori Struktural Ala Levi Strauss supados saged mangertosi nilai keteladanan wonten ing cariyos ketoprak.


a.       Kados pundi Struktur Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” ngangge teori Struktural Ala Levi Strauss?
b.      Menapa kemawon nilai-nilai keteladanan Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” wonten ing penerapan teori Struktural Ala Levi Strauss?

a.       Kangge mangertosi nilai-nilai keteladanan wonten ing Cariyos Ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” ngangge penerapan teori Struktural Ala Levi Strauss.
b.      Kangge mangertosi cariyos ketoprak “Jaka Tingkir Ngratu” saged dipunanalisis ngangge teori Struktural Ala Lvi Strauss.



Miturut Levi Strauss, analisis mite kedah mlampah kayata analisis babagan basa. Unsur-unsur mite, kayata unsur-unsur basa, wonten sajroning piyambakipun boten ngandut makna. Makna menika nembe tuwuh nalika unsur-unsur kasebut nggabung bentuk sawijining struktur. Mite nganduta manat ingkang dipunsinandikaken, lan tugas saking penganalisis inggih menika nemokaken lan nguraikaken kode menika sarta mbikak amanat kasebut.
Levi Strauss ngendikan dene struktur mite menika nggadhahi sifat dialektis. Tegesipun, saking mrika dipuntampilaken oposisi lan kontradiksi tartamtu---jaler: estri: endogemi: eksogami; kakak: adik; bumi: langit; lan selajengipun wonten penengahan utawi pemecahan (cetha saking proses menika kirang langkung sami kaliyan proses tesis- anti tesis- sintesis saking pemikiran Hegel). Menawi dipunpirsani saking gegayutanipun kaliyan fungsi-fungsinipun mite mbiyantu nglukisaken kontradiksi tartamtu wonten kauripan, lajeng mecahaken kontradiksi menika. Utawi kayata pamanggihipun dialektis ingkang dipunajukaken dening Leach.
Sampun tamtu, mite nggadhahi muatan naratif. Ananging miturut Levi Strauss lan pengikutipun babagan menika boten makna utami, amergi mite nebus ngantos (mentrasendensi) narasi. Ingkang tegesipun inggih menika pola mite ingkang sepenuhnya formal menika, gegayutan-gegayutan logis antawis elemen-elemen ingkang terkandung wonten dalemipun. Menawi dipunpirsani saking skala global, variasi mite ingkang nampak nyata menika dipunpirsani minangka transformasi logis saking seperangkat gegayutan struktural ingkang tahan kanthi dangu. Penemuan inti struktur ingkang mendasar menika ingkang dados perhatian pokok Levi Strauss nalika menganalisis mite. Sabab pungkasanipun inti struktur inggih menika mbikak struktur manungsa piyambak sarta logika serba-bagi-dua—(Binary-biner) ingkang dados landasan penopangnya. Wonten babagan menika, Leach narik analogi antawis struktur mite kaliyan struktur musik sarta drama.
Myteme miturut Levi Strauss inggih menika unsur-unsur saking kontruksi wacana mistis utawi (mythical discourse), ingkang nggadhahi satuan-satuan kosokbalen (oppositional), relatif lan negatif. Pandangan Jacobson babagan fonem, myteme dipunaturaken dening Levi Strauss minangka “Purely differential and contentless sign” mula saking menganalisis sawijining mitos utawi cariyos, tegesipun saking tembung ingkang wonten cariyos kedah dipunpisahaken wonten makna myteme utawi cariyos, ingkang ugi bagiyan saking tetembungan utawi rangkaian tembung-tembung wonten cariyos kasebut.


Jaka Tingkir menika putra saking Ki Ageng Pengging. Asma Jaka Tingkir ingkang leres inggih menika Mas Karebet. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru. Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulure karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk. Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak. Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh. Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan. Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan. Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi. Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang. Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun 1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton ( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.


Alur Cerita :
1.      Jaka Tingkir putra saking Ki Ageng Pengging
2.      Nalika Jaka Tingkir umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging seda
3.      Jaka Tingkir dipek anak Nyi Ageng Tingkir
4.      Jaka Tingkir meguru marang Sunan Kalijaga
5.      Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak
6.      Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama
7.      Sawijining dina Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit, Tingkir kang diutus mbiji
8.      Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk
9.      Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika
10.  Saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
11.  Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro
12.  Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil
13.  Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan
14.  Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau
15.  Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh
16.  Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang
17.  Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang
18.  Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan
19.  Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
20.  Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya
21.  Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan
22.  Sultan Hadiwijaya ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi. Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati
23.  Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram
24.  Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi
25.  Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang
26.  Ing taun 1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton ( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang
27.  Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman
28.  Tumindake Sutawijaya dianggep luput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram
29.  Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram
30.  Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen
31.  Ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura
32.  Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit Tamtama maneh.


Minangka langkah kapisan analisis, kisah wonten ing nginggil kedah dipunpisah-pisah ing saperangan episode, ingkang wosipun sawijining deskripsi ngenani sawijining babagan utawi nggadhahi sawijining tema tartamtu. Makna saking episode, ingkang badhe kita sumurupi samangke, gumantung kaliyan sekabehaning teks. Amargi, kita boten saged nafsiraken sawijining episode namung kaliyan acuan saking sawijining cariyos ing njaba tanpa merhatikaken posisi episode menika saking sekabehaning cariyos.
Selajengipun ing analisis menika kita kedah ngangsalaken unit-unit ingkang wonten ing cariyos, ingkang kita sebat kaliyan ceritheme. Ceritheme menika kita goleki saking tingkat ukara. Sawijining ukara angsal kita anggep sawijining cerithem yen ing njeronipun ngandhut sawijining relasi tartamtu, utawi yen ukara kasebut nglukisaken gegayutan-gegayutan tartamtu antar elemen ing cariyos. Cerithem menika banjur kita susun ndherekaken sumbu sintagmatis lan paradigmatis sabab kados ing basa, makna saking sawijining elemen gumantung kaliyan relasi sintagmatis lan paradigmatis ing elemen-elemen ingkang sanes. Kanthi cara sanes angsal kita temokaken cerithem-cerithem ingkang ngandhut relasi ingkang sami utawi ingkang boten sami. Interpretasi ing makna cariyos kasebut gumantung kaliyan sekabehaning relasi antar cerithem ingkang kasil kajupuk sarta makna reverensial utawi kontekstual saking elemen-elemen ingkang wonten ing cerithem kasebut.
Sasampunipun maos cariyos ketoprak Jaka Tingkir Ngratu kita saged nemokaken saperangan episode ing njeronipun. Saking episode-episode menika ngandhut cerithem-cerithem ingkang nyumurupaken dhateng kita maneka warna relasi antar paraga ingkang wonten ing cariyos kasebut. Makna maneka warna ceritheme lan episode menika enggal dados cetha sasampunipun kita bandingaken lan sejajaraken setunggal kaliyan ingkang sanes.
Episode 1 (alinea 1-3) ingkang kita angsalaken saking cariyos kasebut inggih menika asal-usul nama Jaka Tingkir. Aslinipun nama Jaka Tingkir inggih menika Mas Karebet putra saking Ki Ageng Pengging. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging seda. Ora suwe, banjur garwanipun nyusul. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir.
Episode II (alinea 4-10) wosipun perjalanan Mas Karebet meguru. Ing kono dipuncariyosaken yen Mas Karebet meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Sasampunipun meguru, Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro ngantos dipunangkat dadi lurah wiratamtama. Nalika Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit, Tingkir kang diutus mbiji. Ing sayembara kasebut, ana calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk. Jaka Tingkir ora seneng marang calon prajurit iku. Dheweke banjur nguji kasektene, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak.
Episode III (alinea 11-15) ing alenia 11-15 kasebut dipuncariyosaken yen Jaka Tingkir menika boten nglokro utawi patah semangat anggone dados pemimpin ing Kasultanan Demak. Kasunyatan sasampunipun ditundung saka Demak, Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali. Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, Sultan Trenggana banjur ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Jaka Tingkir bisa ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Episode IV (alinea 16-19) ing alenia menika, saged dipunpirsani yen raos kekeluwargaan wonten cariyos kasebut taksih dipunjagi. Kasunyatan nalika Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Hadiwijaya rumangsa pakewuh amergi taksih wonten gandheng paseduluran menawi kedah mateni kanthi cara terang-terangan. Mula dheweke nganakake sayembara, Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Wong kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Episode V (alinea 20-25) ing alenia kasebut, wonten prastawa kang ndadosaken manah sumelang amergi mireng ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang. Pramila Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram marang Ki Ageng Pemanahan. Sunan Kalijaga kang mireng prastawa kala wau, nyobi nengahi lan mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Ki Ageng Pemanahan ugi wajib sumpah prasetya mring Pajang.
Episode VI (alinea 26-32 ) sasampunipun prastawa kasebut, wonten prastawa kang ndadosaken geger ing taman kaputren Sekar Kedaton. Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton ( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit tamtama.


Keteladanan ingkang saged dipunpundhut saking cariyos ketoprak Jaka Tingkir Ngratu inggih menika :
1)      Jaka Tingkir boten nate nglokro nalika gadhah gegayuhan ingkang saged dipunwujudaken. Pramila kita dados manungsa kedah semangat lan kerja keras supados gegayuhan ingkang kita angen-angen saged kawujudaken kaya dene tuladha wonten ing cariyos Jaka Tingkir Ngratu.
2)      Raos kekeluwargaan menika kedah dipunjagi supados tali silaturrahmi kaliyan sedherek menika boten pecah. Babagan menika kaya dene Hadiwijaya ingkang mirasa pakewuh nalika dipunaturi mateni Arya Penangsang kanthi cara terang-terangan.



Sastra kang sansaya ngrembaka ndadosaken Sastra lisan ingkang awujud cariyos ketoprak tetep lestantun ngantos sakmenika. Kasunyatan cariyos ketoprak taksih dipunkaremi dening tiyang-tiyang ingkang remen sanget kaliyan kesenian jawi. Cariyos ketoprak ugi saged dados hiburan lan tontonan dhateng masarakat ingkang remen dhateng kesenian jawi. Saking analisis cariyos ketoprak menika, kita saged mangertosi dene cariyos ketoprak menika saged dipunanalisis ngangge teori struktural naratif ala Levi Strauss. Sanesipun kita ugi saged mundhut nilai keteladanan saking cariyos ketoprak ingkang sampun dipunanalisis ngangge teori struktural naratif ala Levi Strauss. Keteladanan saking cariyos ketoprak Jaka Tingkir Ngratu inggih menika :
1)      Jaka Tingkir boten nate nglokro nalika gadhah gegayuhan ingkang saged dipunwujudaken. Pramila kita dados manungsa kedah semangat lan kerja keras supados gegayuhan ingkang kita angen-angen saged kawujudaken kaya dene tuladha wonten ing cariyos Jaka Tingkir Ngratu.
2)      Raos kekeluwargaan menika kedah dipunjagi supados tali silaturrahmi kaliyan sedherek menika boten pecah. Babagan menika kaya dene Hadiwijaya ingkang mirasa pakewuh nalika dipunaturi mateni Arya Penangsang kanthi cara terang-terangan.


Kita minangka mahasiswa Bahasa lan Sastra Jawa kedah saged nguri-uri kesenian jawi, menapa malih saged ngrembakaken kesenian ingkang sampun wonten. Keteladanan ingkang wonten cariyos kasebut, sabisa-bisane dipunterapaken wonten kahuripan masarakat. Boten ngantos dipunmangertosi kemawon.





Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Sastra Lisan. Surabaya : Citra Wacana


Tidak ada komentar:

Posting Komentar