Asal-usulipun Rawa Pening
Ngasem menika nami dhusun ingkang
kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing ngasem
wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid
jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang
asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun Ni
Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang
bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe
dipuncawisaken kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun
matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging
amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti
supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso
kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar
rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapori boten duka.
Sawetawis dinten, ngasem geger
amergi Ni Endhang Ariwulan nggarbini. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni
Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi
piranti awujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang
bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud
naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap.
Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna
ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun
ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kala wau
ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten
sejatosipun bapakipun. Ni Endhang
maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing
Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan,
nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal
lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo
sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat kaligung, leren
malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken
klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang
ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan, lan taun
sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki
Hajar Salokantara. Malah samenika kendho boten gadhah daya. Nanging saking
katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking katebihan Ni Endhang
ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar
Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang.
Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki Hajar
kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngurmati ing
sangajengipun. Ki Hajar pirsa menawi naga kala wau sanes naga ingkang ala,
nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki
Hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged
wicanten.
Naga lajeng nyuwun priksa, menapa
leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar
ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki Hajar menika tiyang
sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru
Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi
pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipun lan saking pundi papan
dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten
kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki Hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan
menika dereng cekap, amargi ing donya menika boten wonten ingkang gampil,
nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipun. Supados saged
dipunanggep putranipun Ki Hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak
brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.
Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki Hajar ngetutaken saking wingking. Baru
Klinthing lajeng mlungkeri Redi Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar,
nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru
Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat
menika.
Baru Klinthing kelaran nanging
lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten
saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten
wonten tandhingipun. “ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen
pinuju-nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagat,”
pratelane Ki Hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken
tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru
Klinthing. Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing
ingkang mlungkeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan
wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi
priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing dhusun Pathok
menika kanthi laku ngrame. Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi,
nanging warganipun boten gadhah raos sukur.
Wekdal menika warga Pathok
nembe ngawontenaken pista panen raya.
Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur,
anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng
wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok
kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang
mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah, nanging reged. Namanipun Jaka
Bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang.
Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening Mbok Randha ingkang
asma Ni Endhang Ariwulan. Sasampunipun nedha lan cariyos, jaka kala wau nilar
pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta
enthong lan sangu saprelunipun. Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing
salebetipun pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih. Nanging malah
dipuntampik lan dipunisin-isin.
Jaka Bandung lajeng nancepaken sada
lanang wonten lemah. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau
badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang
saged.
Jaka Bandung ingkang lajeng njabut
sada wau. Sakala toya nyembur saking
siti sakanthah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun
saisinipun. Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler
lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi
dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga
ingkang bening toyanipun, ingkang katelah rawa bening ingkang samenika kasebat
Rawa Pening.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar