Jumat, 08 Januari 2016

Artikel Kesehatan


Pasa Bisa Ngudhunake Gangguan Kesehatan

            Nindakake ibadah pasa jroning sasi Ramadhan wiwitane pancen rada abot jalaran ora kulina. Nanging yen wis kelakon sawetara dina ora krasa abot, apa maneh yen bisa njaga stamina awak kanthi becik.
            Sejatine pasa kuwi mung mindhah (ngelih) wektu mangan lan ngurangi gunggunge pangan lan banyu sing mlebu awak. Mangan awan diganti saur, sarapan diganti buka klawan takjil kang cukup. Mula supaya awak tetep kuwat lan sehat kudu ngerti kepriye anggone ngatur dhahar, gunggunge dhaharan sing mlebu awak lan gizine.
            Kongres internasional kang wiwitan ngrembug bab Health and Ramadhan kang diadani taun 1994 ing Casablanca mratelakake yen wong sawise nindakake pasa Ramadhan kahanane kesehatane bakal luwih becik. Bab mau cundhuk karo panaliten sing wis ditindakake nuduhake apa wae manfaate pasa tumrap kesehatan.
1.       Pasa mbuwang sisa-sisa lan zat-zat sing luwih (turah) ing awak, kalebu rereged, racun lan ampas sing disimpen ing jero awak. Nalika pasa, ora mangan, awak bakal migunakake zat pangan sing disimpen ana ing jero awak kayata lemak, kolestrol, gula lan sapanunggalane. Dene sisa-sisa lan zat-zat liyane sing ora kanggo katut kabuwang. Semono uga jaringan awak sing wis ora kanggo lan rusak merga penyakiten bakal dibuwang. Awak gawe sel-sel anyar sing luwih aktif lan resik.
2.      Pasa mbantu ngontrol kadar gula darah. Nalika pasa, kadar gula darah bakal mudhun jalaran ora ana karbohidrat sing mlebu ing pencernaan. Bab iki njalari pankreas bisa ngaso (leren). Yen mbutuhake, pankreas bakal njupuk simpenan gula darah kang ana, diowahi dadi glikogen. Dadi gula darah sing sumimpen mbaka sithik bakal dijupuki, dianggo. Mula kadar gula darah tansah normal.
3.      Sajrone pasa sistem pencernaan ngaso watara 14 jam lan kelakon suwene sesasi (30 dina). Mula lambung lan sistem pencernaan bakal akeh ngasone.
4.      Pasa ngurangi lemak lan kolestrol sing numpuk mula bisa ngudhunake kadar kolestrol lan lemak darah tanpa ngombe obat. Bab iki becik kanggo wong sing duwe gangguan penyakit jantung koroner.
5.      Pasa ngudhunake daya pamikir, ngendhaleni napsu, ngudhakake ibadah, ngraketake kulawarga lan paseduluran karo masyarakat lingkungane. Jalaran jroning sasi Ramadhan saben dina bebarengan nindakake ibadah ing mushola utawa mesjid.
Pasa pancen bisa ngudhunake bobote awak nanging aja nganti ngudhunake stamina utawa daya tahane awak marang penyakit. Mula supaya awak tetp sehat kudu migatekake bab-bab ing ngisor iki.
1.       Menu dhahar sing becik lan sehat, cukup kalori kanggo kegiyatan wiwit subuh nganti magrib.
2.      Pola dhahar seimbang, akeh dhahar serat mligine wayah dhahar saur. Dhaharan sing akeh ngandhung serat kayata sayuran, buah, ager-ager. Aja kakehan dhahar sing legi-legi lan gorengan. Gula (legi) marahi gelis wareg nanging uga gelis dicerna (luwe).
3.      Sawise buka aja “balas dendam”, dhahar sawarege. Ngunjuk banyu putih wae sing cukup.
4.      Perlu tambahan vitamin utawa suplemen kanggo njaga stamina, luwih-luwih sing nyambutgawe ana kantor lan ing sanjabane omah. Diunjuk sabubare dhahar saur. Aja nglirwakake dhahar saur jalaran dhahar saur kanggo pasedhiyan kalori (tenaga) nganti wancine buka, supaya ora gemeter lan lemes. Sabubare saur, sadurunge imsak ngunjuk susu sagelas lan ngunjuk banyu putih sing cukup.
5.      Nindakake olahraga entheng sadurunge buka.
6.      Kanggone sing wis pensiun utawa ora duwe aktivitas ana njaban omah, kanggo ngisi wektu bisa kanthi memaca, ngaji, mirsani tivi utawa nindakake kegiyatan sosial keagamaan sanjabane omah.
Yen bab-bab kang kaaturake ing dhuwur dilakoni kanthi becik insyaallah awak tetep kuwat lan sehat, ibadah pasa bisa nutug.


Sumber : Jaya Baya Minggu I Juli 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar