Hamiradadi Gesang Ingkang Utama
Murwakala menika cariyos
ringgit ingkang nyariosaken lairipun Bhatara Kala, putranipun Bathara Guru
kaliyan Dewi Uma, rikalanipun nganglang jagat ngambah gegana kanthi nitih lembu
Andhini ing wanci sonten nyarengi badhe angslupipun srengenge.
Sedangunipun ameng-ameng ing
ngantariksa menika, Bathara Guru tuwuh raos birahi lan kepengin ulah asmara
kaliyan ingkang garwa. Namung Bathari Uma boten nglanggati, jalaran rumaos
lingsem sanget dene badhe saresmi wonten sanginggiling kewan, wonten papan
ingkang tinarbuka (angkasa).
Pramila Bathari Uma boten kersa
anampi lan amadhahi “kamanipun” Bathara Guru ingkang sampun kelajeng medal
wusananipun “kama” dhawah wonten samodra, lan dados lare arupi reseksa ingkang
sekti lan ngajrih-ajrihi sanget, namanipun Bathara Kala, ingkang badhe mangsa
“bocah sukerta”; pramila Murwakala ugi kawastanan Kamasalah.
Ing budaya jawi, murwakala menika
cariyos wayang ingkang kaginakaken kangge “ruwatan” supados bocah sukerta
menika tetep slamet lan wilujeng boten dipunmangsa Bathara Kala. Wondene cacah
utawi gunggungipun bocah sukerta menika kathah sanget. Menawi ing Serat Centhini Jilid II menika cacahipun
wonten 14.
Dipunwastani sukerta, saking tembung
suker, tegesipun reged, lepat, dosa. Wondene para paraga ing cariyos murwakala
menika ingkang baken wonten tiga, inggih menika : dhalang kadhabuwana
(membanipun Bathara Wisnu), Bathara Kala, lan bocah sukerta.
Piwulang
Tetiganipun paraga menika ingkang
sekti piyambak Dhalang Kandhabuwana, ingkang saged ngasoraken Bathara Kala,
saha ngruwat lan nylametaken bocah sukerta.
Wonten saweneh piwulang ingkang
sumimpen wonten ing cariyos murwakala. Pendhidhikan Seksual, tegesipun
priyantun menawi badhe nindakaken saresmi, salutut nitisaken wiji sejati, utawi
turun kedah ngatos-atos, empan papan (wekdal, papan, kawontenan).
Menika supados saged dados lare,
putra, generasi mudha ingkang utama, luhur bebudenipun, tansah damel tentrem
ayemipun bebrayan, nusa bangsa, lan bawana. Sampun ngantos aniru Bathara Guru
ingkang sembrana anibakaken kamanipun (kamasalah).
Kadadosan menika ingkang njalari
putranipun awatak wengis, angkara murka, tansah damel tintrim, lan
kacilakanipun tiyang sanes (Bathara Kala). Tiyang gesang sampun ngantos namung
ngumbar napsu birahi lan remen dhawahaken kamanipun wiji sejati dhumateng
sinten kemawon lan wonten pundi kemawon.
Bathara Kala menika ugi nggambaraken
wekdal utawi umur, bilih sedaya tiyang gesang menika badhe kemangsa dening umur
(seda). Bathara Kala ingkang wewujudipun raseksa (butak) menika ugi
nggambaraken watak utawi napsu ingkang awon lan limrahipun tansah nggoda sarta
katindakaken para manungsa.
Tundhonipun, gesangipun nandhang
kasurang-surang sangsara, lan cilaka. Wondene ing agami islam, Bathara Kala
menika nggambaraken “iblis” ingkang tansah nggoda iman utawi kapitadosanipun
manungsa supados gesangipun kesasar tebih saking pangeran ingkang mahakuwaos.
Dhalang Kandhabuwana (Bathara Wisnu
= wis manunggal) menika lambangipun priyantun ingkang sampun celak lan
manunggal kalihan pangeran utawi kekasih, utusaning pangeran, utawi gusti allah
swt. Piyambak pramila saged ngasoraken utawi ngawonaken Bathara Kala (iblis) lan
ngruwat bocah sukerta.
Tegesipun ingkang saged ngruwat
yaiku ngluwari, ngicali saha ngresiki sedaya dedosan, kalepatan, bebudenipun
pangeran dhumateng para titah supados gesangipun tansah sae, wilujeng utawi
slamet; menika namung pangeran ingkang mahakuwaos piyambak.
Pramila tiyang gesang kedah tansah
dhedhepe, nyelak, manembah sujud, lan pasrah dhumateng pangeran ingkang murba
gesang, supados gesangipun tansah wilujeng, raharja, tebih saking sedaya
bebaya, lan tansah pikantuk pangayomanipun pangeran.
Murwakala menika dipuntliti kanthi
premati pranyata sarana hamiradadi kodrating gusti ingkang awon lan kebak
bilahi, supados gesangipun manungsa tansah manggih slamet, sae lan utami.
Murwakala ugi mujudaken budi dayanipun manungsa kangge nggayuh gesang ingkang
utami lan migunani dhumateng sesami, saha bagya mulya wiwit wonten ngalam donya
dumuginipun alam delahan.
Saranipun menawi tumindak tansah
ngatos-atos, eling lan waspada, empan papan supados tebih saking sukerta /
bebendu / kacilakan (bocah sukerta) saged mranata wedal lan nebihi sedaya
tumindak awon (Bathara Kala) saha tancah nyelak lan nindakaken dhawuhipun
pangeran (Bhatara Wisnu).
Sumber :Solopos (Jagad Jawa), 7 mei 2015 (LKS
Muatan Lokal Bahasa Jawa SMA kelas X
Semester Gasal)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar